Sanggar Greget

Sabtu, 03 Januari 2015

Dhandhanggula

I

DHANDHANGGULA



1.

Pamedhare wasitining ati, cumanthaka aniru pujangga, dahat mudha ing batine, nanging kedah ginunggung , datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhanging sasmita.

2.

Sasmitaning ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora wruha,  tan jumeneng uripe,  akeh kang ngaku-aku, pangrasane sampun udani, tur durung weruh ing rasa, rasa kang satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauri-panira.

3

Jroning Kuran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena denawur, ing satemah nora pinanggih, mundhak katalanjukan, temah sasar susur, yen sira ayun waskitha,  sampurnane ing badanira puniki, sira anggugurua.

4

Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi,  sokur oleh wong tapa,  ingkang wus amungkul,  tan mikir pawewehing liyan,  iku pantes sira guronana,  sartane kawruhana.

5

Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang prakara rumuhun, dalil kadis lan ijemak, lan kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat.

6

Ana uga kena den antepi, yen ucul saka patang prakara, nora enak legetane, tan wurung tinggal wektu, panganggepe wus angengkoki, aja kudu sembahyang, wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo den rawati,  bubrah sakehing tata.

7

Angel temen ing jaman samangkin, ingkang pantes kena ginuronan,  akeh wong jaja ngelmune, lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak, den arani luput, nanging ta asesenengan, nora kena den wor kakarepaneki, papancene priyangga.

8

Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu anggugu-ru, ing mengko iki ta nora, kyai guru naruthuk ngupaya murid, dadya kanthinira.


Dijupuk saka:
a. http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html 
b. Nugroho, Yusro Edy.2008.Senarai Puisi Jawa Klasik.Semarang:Cipta Prima Nusantara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar