Sanggar Greget

Kamis, 08 Januari 2015

Wara-wara

WARA-WARA

Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi pepènget utawa awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati, nanging uga bisa kanggo iklan utawa golèk tenaga kanggo nyambut gawé.
Syarate wara-wara
  • Basa kang digunakake cetha, gamblang lan gampang dimangerteni
  • Tembung-tembunge cekak aos
  • Katujokake marang kelompok/bebrayan tartamtu
  • Basane komunikatif (ora ngaya wara cukup saprelune wae lan nganggo tetembungan kang prasaja supaya bisa ditampa dening sapa wae kang krungu lan maca).
  • Perangane jangkep (wara-wara mau bisa mangsuli pitakon 5W+1H)
  • Isine ngemu surasa pangajak, panyaruwe, larangan lsp.
Wujuding wara-wara
 1.      lesan (lumantar media elektronik)
 2.      tulis (lumantar media cetak).

Ana pirang-pirang perkara kang kudu digatekake nalika gawe wara-wara. Perkara iku antarane:
a)    Kanggo sapa wara-wara kuwi
b)   Kepriye basane
c)    Apa surasane
d)   Kepriye urut-urutane wara-wara mau 
 
Perangane Wara-wara
  1.      Irah-irahan wara-wara
2.      Adangiyah (Unggah-ungguhe basa kang ngirim wara-wara)
3.      Bebuka/pambuka (Ukara Pambuka wara-wara)
4.      Surasa basa/isi (isining wara-wara)
5.      Wasana basa/penutup (perangan/ukara kang kanggo mungkasi atur)
6.      Panggenan lan titi mangsa (tempat lan tanggal)
7.      Paprenah (sesambungane wong kang ngirim karo wong kang dikirimi wara-wara)
8.      Tapak asma (tandha tangan)
9.      Nama terang (jeneng kang nggawe wara-wara)
 
Wara-wara bisa kaparinci dadi sanga, yaiku :
1.      Paturan (laporan)
2.      Pratelan (pernyataan)     
3.      Iber-iber (plakat selebaran)        
4.      Sedhahan (ulem, undhangan)
5.      Aben trampil (perlombaan)         
6.      Patembaya (sayembara)
7.      Lelayu (seripah)
8.      Komersial (iklan)
9.      Sandi (ceramah)

Tuladha
Lelayu
WARA-WARA
Innalillahi wainna Illaihi Roji’un
Assalamu’alaikum Wr...Wb...
Ngaturi menawi dinten Selasa Pahing 20 April 2004, Ibu. Suliyah sampun dipunpundhut Allah SWT.
Almarhum kaparingan umur 82 taun.
Jenasah badhe dipunsarekaken ing Pasareyan Sujarah
Selasa, 20 April 2004
Jam 14.00 WIB
Mbok bilih almarhum gadhah kalepatan dhateng panjenengan, keluarga nyuwun ngapunten.

Wassalamu’alaikum Wr... Wb...
Purbalingga, 20 April 2004
Ingkang nandhang sungkawa
1. Ibu Khotimah
2. Ibu Satiyah
3. Ibu Maryamah
 
Sedhahan
assalamu’alikum wr.wb
Siswa kelas VII, VIII, lan IX kang tansah daktresnani, Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas VII, VIII, lan IX supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika, benjing

dinten : selasa,
surya  : 27 november 2012
para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.
Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.

wirosari,25 november 2012
ttd

Dijupuk saka:
a.http://jv.wikipedia.org/wiki/Wara-Wara
b.http://www.kelasjawa.com/2014/03/wara-wara.html
c.http://risangaryodw.blogspot.com/2013/08/wara-wara-pengumuman.html
d.https://karlinasetiyanti.wordpress.com/2014/01/15/wara-wara/
e. Lestari, Endang Dwi.2009.Kawruh Sapala Basa.Klaten:Intan Pariwara
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar