PUPUH II
SINOM
Nuladha laku utama, tumraping wong Tanah Jawi, Wong Agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati, kepati amarsudi, sudaning hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, tanapi
ing siyang ratri, amamangun karyenak tyasing sesama.
02
Samangsane pesasmuwan, mamangun marta martani, sinambi ing saben mangsa, kala
kalaning ngasepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun, kayungyun eninging tyas,
sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan guling.
03
Saben nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep sepuhing sopana, mrih pana
pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya tulus, mesu reh kasudarman,
neng tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu dyatmika.
04
Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot hing driya, rinegem segegem dadi, dumadya angratoni, neng Kanjeng Ratu Kidul, ndedel nggayuh
nggegana, umara merek maripih, sor prabawa lan Wong Agung Ngeksiganda.
05
Dahat denira aminta, sipeket pangkat kanthi, jroning alam palimunan, ing pasaban saben
sepi, sumanggem anyanggemi, ing karsa kang wus tinamtu, pamrihe mung aminta,
supangate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
06
Prajanjine abipraya, saturun-turune wuri, Mangkono trahing awirya, yen amasah mesu
budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung Ngeksiganda, nugrahane
prapteng mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.
07
Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya sumbaga, tan liyan trahing
Senapati, pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira, enake lan jaman
mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.
08
Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta ing jaman mangkya, pra
mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti Rasul, anggung ginawe
umbag, saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning drajat.
09
Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil dalaning ijemak, kiyase nora
mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung, kalamun maca kutbah,
lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok palaran.
10
Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger kadohan panjangkah,
wateke tak betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus cukup, aja ngguru aleman, nelad
kas ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.
11
Nanging enak ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta suwiteng Nata, tani tanapi agrami,
Mangkono mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh cara Arab, Jawaku
bae tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra.
12
Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang agama, maguru
anggering kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk, pranatan ngakir jaman, Tan
tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.
13
Marang ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah bawur tyas ingwang, lir
kiyamat saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah ingsun, lawas-lawas graita,
rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.
14
Tuwin ketib suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya angantepana, pranatan
wajibing urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna kumunanira, kongsi
tumekeng semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.
15
Bonggan kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan tri prakara, wirya, arta,
tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas tilasing janma, aji godhong jati
aking, temah papa papariman ngulandara.
16
Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana wosing Jiwangga, melok
tanpa aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa tumlawung, keksi saliring jaman,
angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.
17
Mangkono janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala mangsa,masah
amemasuh budi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun, susila anor raga, wignya met
tyasing sesame, yeku aran wong barek berag agama.
18
Ing jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh kang nyata, nora pisan den
lakoni, banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk, ngandelken gurunira, pandhitane
praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.
Dijupuk saka:
a. https://alangalangkumitir.wordpress.com/category/serat-wedhatama/
b. Nugroho, Yusro Edy.2008.Senarai Puisi Jawa Klasik.Semarang:Cipta Prima Nusantara
Caesar Casino No Deposit Bonus Codes
BalasHapusCaesar Casino No Deposit Bonus Codes List 제왕카지노 2021 ➤ EXCLUSIVE 100% match 제왕카지노 up to $1500 + 50 FS on 카지노 first 3 deposits. ✓ Free Spins Bonuses ✓ Exclusive