Sanggar Greget

Selasa, 06 Januari 2015

Tembang Macapat

TEMBANG MACAPAT

Tembang yaiku reriptan kanthi paugeran tartamtu kang pamacane dilagokake, lan bias diiringi wiramaning gendhing. Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah Jawa. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wetan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.
Tembang Macapat iku ana 11. Kayadene tembang tengahan, tembang macapat uga kaiket ing guru lagu lan guru wilangan lan duwe watak dhewe-dhewe.
Mungguh cacahing larike utawa guru gatrane tembang Macapat iku ora padha. Guru gatra yaiuku cacahing larikan saben sapada. 

Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:
  • Guru Gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
  • Guru Wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
  • Guru Lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Kang kalebu tembang macapat yaiku :
  1. Maskumambang
  2. Pocung
  3. Gambuh
  4. Mijil
  5. Kinanthi
  6. Megatruh
  7. Asmaradana
  8. Durma
  9. Pangkur
  10. Sinom
  11. Dhandhanggula

    Ing ngisor pratelan guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune tembang macapat :
    1. Maskumambang
    Guru gatra : 4
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 12i, 6a, 8i, 8a.

    2. Pocung
    Guru gatra : 4
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 12u, 6a, 8i, 12a.

    3. Gambuh
    Guru gatra : 5
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o

    4. Megatruh
    Guru gatra : 5
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o

    5. Mijil
    Guru gatra : 6
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

    6. Kinanthi
    Guru gatra : 6
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

    7. Asmaradana
    Guru gatra : 7
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

    8. Durma
    Guru gatra : 7
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

    9. Pangkur
    Guru gatra : 7
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

    10. Sinom
    Guru gatra : 9
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing :  8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a

    11. Dhandhanggula
    Guru gatra : 10
    Cacahing wanda lan tibaning dhong-dhing : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
     
    Ing ngisor iki watake tembang Macapat
    No Jenenge tembang Watak Mathuke
    1 Maskumambang Ngeres, nalangsa, keranta-ranta, kelara-lara Kanggo medhar rasa pangrasa kang
        ngeres, nggregel, keranta-ranta, ngeres.
    2 Pucung Kendho, tanpa greget saut, sembrana parikena, lucu. Kanggo carita sing sajak mung
       sakepenake, tanpa greget utawa mempeng sembranan.
    3 Gambuh Nggenah-nggenahake, akrab, rumaket, kulina, keduga, wanuhi. Kanggo suka pitutur kang
        rada sereng amarga wis keduga lan rumaket banget.
    4 Megatruh Nglalut, ngeres, timtrim, sedhih. Susah-nelangsa, memelas, getun, prihatin.
    5 Mijil Wedharing rasa, prihatin Kanggo suka pitutur, uga gegandrungan, medharake bukaning carita
       utawa mangayu bagya.
    6 Kinanthi Seneng, tresna, asih, sih-sinisihan. Kanggo medhar piwulang, carita kang ngemu surasa asih
       tresna, asmara, gandrung-gandrung, pangayu-bagya.
    7 Asmarandana Grapyak, sengsem, prihatin, sedhih amarga nandhang kasmaran. Kanggo carita kang
       surasa nawung asmara utawa kanggo medhar rasa asmara (pepisahan)
    8 Durma Galak, muntab, nesu Kanggo medhar rasa nesu, muntab, sesorah kang sereng utawa carita
       perang.
    9 Pangkur Sereng, gregetan, kejem, nantang Kanggo suka pitutur kang sereng ngemu srengen,
    10 Sinom Ngresepake, grapyak, sumanak, renyah Kanggosesorah utawa suka pitutur
    11 Dhandhanggula Ngresepake kewes, luwes, Kanggo apa-apa wae mathuk. Upamane kanggo mula
         bukaning carita, panutuping anggit (karangan), medhar piwulang, medhar rasa, sengsem, asih
         tresna, gegandrungan, lsp
     
    Tuladha Tembang Macapat :
    1. Pocung
       Timbang nganggur pikirane dadi nglantur
        Angur nyambut karya
        Apa-apa ditandangi
        Wit ngertia wong nganggur bantale setan


    2. Maskumbang
       Dhuh anakmas sira wajib angurmati
        Marah yayah rena
        Aja pisah kumawani
        Anyenyamah gawe susah


    3. Gambuh
        Sekar gambuh ping catur
        Kang cinatur polah kang kelantur
       Tanpa tutur katula-tula katali
       Kadalu warsa katutuh
       Kepatuh pan dadi awon


    4. Megatruh
        Sigra milir kang gethek sinangga bajul
        Kawan dasa kang njageni
        Ing ngarsa miwahing pungkur
        Tinapi ing kanan kering
        Kang gethek lampahnya alon


    5. Kinanthi
       Anoman malumpat sampun
       Prapteng witing nagasari
       Mulat mangandhap katingal
       Wanodya yu kuru aking
       Gelung tukas wor lan kisma
       Ingkang iga-iga kaeksi


    6. Asmaradana
        Kasmaran murwani tulis
        Caritaning babad jawa
        Nguni duk panjenengan
        Sang Aprabu Brawijaya
        Ping gangsal majalengka
        Narendra Binathara gung
        Amangkurat tanah jawa


    7. Mijil
        Ngrasuk busana sang putrid
        Denirasa lolos
        Nuli nendhak angandhut patreme
        Tininggalan parekan myang cethi
        Wus samsya aguling
         Lajeng lampahipun


    8. Pangkur
        Uripe sapisan rusak
        Nora mulur nalare pating saluwir
        Kadi ta guwa kang sirung
        Sinerang ing maruta
        Gumarenggeng gannggereng anggung
        Gumrunggung
        Pindha padane si mudha
        Pradene paksa kumaki


    9. Durma
        Wringin sungsang wayahira tumaruna
        Ngaubi awak mami
        Turtinut ing bala
        Pinacak siji kembar
        Pepitu jajar maripat
        Asri yen siyang
        Angker kalane wengi


    10. Sinom
          Nuladha laku utama
          Tumrape wong tang jawi
          Wong agung angkesi ganda
          Panembahan senopati
          Kapati amarsudi
          Sudaning hawa lan napsu
          Pinesu tapa brata
          Tanapi ing siyang ratri
          Amamangun karyenak tyasing sesama


    11. Dhandhanggula
          Ngelingana sajatine urip
          Urip iku aneng alam donya
          Bebasan mung mampir ngombe
          Upama manuk mabur
          Ucul saka kurunganeki
          Pundi pensokan benjang
          Ywa kongsi kaliru
          Upama wong lunga sanja
          Jan-jinajan ora wurung bakal mulih
          Mulih mula mulanya
     
    Dijupuk saka:
    a. http://jawasma1kra.wordpress.com/
    b. http://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat
    c. http://javaneseart-culture.blogspot.com/2014/06/3-warna-tembang-jawa.html
    d. Lestari, Endang Dwi.2009.Kawruh Sapala Basa.Klaten:Intan Prariwara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar