Sanggar Greget

Minggu, 11 Januari 2015

Wawancara

WAWANCARA

Wawancara yaiku rembugan antarane wong siji kang minangka wong sing takon karo wong sijine sing minangka paranpitakonan, kanthi pangajab bisa oleh katerangan saka wong sing minangka paranpara kasebut. 
Kang kudu diperhateake nalika wawancara yaiku :
1. Nemtoake topic
2. Nemtoake tujuan
3. Nyiapake pitakonan
4. Nemtoake narasumbere
5. Gawe janji
6. nyathet utawa ngrekam asil Wawansabda (wawancara)
7. gawe palapuran ngenani asil Wawansabda (wawancara)
Supaya anggone wawancara oleh katrangan kang jumbuh karo apa kang dikarepake,mula kudu nggatekake bab-bab kayata : 
a. Apa sing di takokake 
b. Sapa sing nindakake sapa sing dadi panakon sapa sing dadi paranan
c. Kapan anggone nindakake
d. Papane ana ngendi
e. Apa wae asile wawancara 
Cara nindakake wawancara : 
a. Nyandhang nganggo sing sopan 
b. Polatane kang grapyak semanak
c. Nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguh basa
d. Miwiti pitakon kanthi uluk salam sing prayogo
e. Pitakon kang mbutuhake katrangan dudu asipat jajal kawruhe paranpara
f. Aja menehi pitakon-pitakon kang wangsulan iya utawa ora
g. Ngaturake panuwun marang paranpara saparipurnaning wawancara 
 
Tuladha
NASIBE SENI  TRADHISIONAL KANG MRIHATINAKE
Siswa   : Sugeng siang, Bu? Kula Gisellya wakil saking kelas XI IPA 1 badhe nyuwun wekdal Ibu kangge wawancara minangka syarat njangkepi tugas piwulangan Basa Jawa. Saged nggih, Bu?
Guru     : Bisa wae.
Siswa   : Ngaten, Bu. Kados pundi nasibipun seni tradisional samangke?
Guru     : Wah, mrihatinake banget. Sebab para mudha saiki akeh sing ninggalake seni tradhisional mau. Malah akeh sing wis ora ngerti bbabar pisan. Mbok menawa luwih kepencut lan nengenake seni barat.
Siswa   : Kenging menapa kok saged kedadosan makaten, Bu?
Guru     : Mesthine ya akeh sebabe. Salah sijine miturut analisise Ibu, para mudha saiki kepingin banget diarani modern, ora kettinggalan zaman, terus mbudidaya bisa nguwasani seni barat. Ning ya kuwi banjur ninggal seni tradisional. Jalaran diarani wis kuno, ndeso, ora njamani, lan liya-liyane.
Siswa   : Lajeng kados pundi ngrembakaken malih seni tradisional menika, Bu?
Guru     : Ya macem-macem carane. Sering nonton seni tradisional, ajar seni tradisional, lan piwulangan basa jawa kuwi kalebu salah sijining cara nglesterake seni lan budaya Jawa.
Siswa   : Lajeng menawi wonten sekolah mriki, menapa ingkang sampun katindakaken pihak sekolah gegayutan kaliyan nglestarekaken budaya Jawa?
Guru     : Lo, kowe kuwi kepiye, visi misine sekolah iki rak babagan budaya ta? Eling apa ora? Terciptanya insan relegius yang berjiwa nasionalis yang unggul dalam prestasi dan luhur budi berwawasan global. Tegese, sekolahe awake dhewe iki mbudidaya tansah antuk prestasi, utamane babagan seni. Jalaran menawa nggayuh prestasi akademik ora kaconggah, ya terus nguber prestasi  babagan seni. Malah  SMA-ne dhewe iki nduweni sebutan utawa paraban mirunggan lho. Sebagai sekolah pewaris budaya. Apa ora hebat?
Siswa   : Kok saged makaten, Bu?
Guru     : La, iya, ta? Amarga sekolahe dhewe kuwi, nduweni kethoprak, wayang wong, seni teater, trampil nari, pokoke sing magepokan karo seni tradisional.
Siswa   : Ooo inggih, Bu. Kula nembe nggagas babagan menika.  Menawi umpaminipun seni-seni menika saged tansah dipun leluri mangke rak sae, nggih, Bu? Lajeng ngaten lo, Bu. Miturut Ibu, kanthi ngleluri budaya lan seni tradhisional Jawa menika menapa wonten paedahipun?
Guru     : Akeh banget, ta, Nok. Apa kowe ora tau krungu negara yang berbudaya itu dapat dilihat dari kesenian yang dimilikinya.
Siswa   : Ngaten, nggih, Bu? Matur nuwun sanget, nggih, Bu, wekdalipun. Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Guruu   : Wa ’alaikum Salam Wr. Wb.
 
 Dijupuk saka:
a. http://ariffebrianto.mywapblog.com/nyemak-wawancara-artikel-pelajaran-bahas.xhtml
b. http://mbekayuratri.blogspot.com/2010/08/wawancara.html
c. http://ithinkeducation.blogspot.com/2012/12/wawansabda-ten-basa-jawa-ngoko-krama.html
d. https://ngleluribasajawa.wordpress.com/2011/05/21/modul-basa-jawa-xi-semester-1/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar