Sanggar Greget

Minggu, 04 Januari 2015

Pucung



IX
PUCUNG

1
Kamulane,  kaluwak nom-nomanipun,   pan dadi satunggal,   pucung arane puniki,   yen wis tuwa kaluwake pisah-pisah.
2
Denbudia,   kapriye ing becikipun,   aja nganti pisah,   kumpula kaya enome,  enom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
3
Aja kaya,  kaluwak enome kumpul,   basa wis atuwa,   ting salebar dhewe-dhewe,   nora wurung bakal dadi bumbu pindhang.
4
Wong sadulur,   nadyan sanak dipunrukun,   aja nganti pisah,   ing samubarang karsane,   padha rukun dinulu teka prayoga.
5
Abot entheng,   wong duwe sanak sadulur,   enthenge yen pisah,   pikire tan dadi siji,   abotipun lamun biyantu ing karsa.
6
Luwih abot,   wong duwe sanak sadulur,   jitus tandhingira, yen golong sabarang pikir,   kacek uga lan wong kang tan sugih sanak.
7
Lamun bener,   lan pinter pamomongipun,   kang ginawe tuwa,   aja nganggo abot sisih,   dipun padha pamengkune mring sentana.
8
Mapan ewuh,   wong tinitah dadi sepuh,   tan kena gumampang,   iya marang sadulure,   tuwa enom aja beda traping karya.
9
Kang saregep,   kalawan ingkang malincur,   padha denkawruhan,   sira alema kang becik,   kang malincur age sira bendonana.
10
Yen tan mari,   binendon nggone malincur,   age tinatrapan,   sapantese lan dosane,  pan sentana dimene dadi tuladha.
11
Lan wong liya,   darapon wedia iku,   kang padha ngawula, ing batine wedi asih,  pan mangkono labuhan wong dadi tuwa.
12
Den ajembar,   den amot lan den amengku,   den pindha segara,   tyase ngemot ala becik,   mapan ana papancene sowang-sowang.
13
Pan sadulur,   tuwa kang wjib pitutur,   marang kang taruna,   kang anom wajibe wedi,   sarta manut wuruke sadulur tuwa.
14
Kang tinitah,   dadi enom aja mesgul,   batin rumangsaa,  yen wis titahing Hyang Widhi,   yen mesgula ngowahi kodrating Suksma.
15
Nadyan bener,   yen wong anom dadi luput,   yen ta anganggoa ing pikire pribadi,   pramilane wong anom aja ugungan.
16
Yen dadi nom,   den weruh ing enomipun,   dene ingkang tuwa,   den kaya banyu ing beji,   den awening paningale aja samar.
17
Lawan maning,   ana ing pituturingsun,   yen sira amaca,   layang sabarang layange,   aja pijer katungkul ningali sastra.
18
Caritane,   ala becik dipunweruh,   nuli rasakena, layang iku saunine,  den karasa kang becik sira anggoa.
19
Ingkang ala,   kawruhana alanipun,   dadine tyasira  weruh ala lawan becik,   ingkang becik wiwitane sira wruha.
20
Wong kang laku,   mangkana wiwitanipun,   becik wekasanya,   wong laku mangkana wite,   ing satemah puniku pan dadi ala.
21
Ing sabarang,   prakara dipun kadulu,   wiwitan wekasan,   bener lan lupute kesthi,   ana becik wekasane dadi ala.
22
Dipunweruh,   iya ing kamulanipun,   kalawan wekasan,   punika dipun kaliling,   ana ala dadi becik ing wekasan.
23
Ewuh temen,  babo wong urip puniku,   apan nora kena,   kinira-kira ing budi,  arang mantep wijiling basa raharja.

Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar