Sanggar Greget

Minggu, 11 Januari 2015

Musyawarah

MUSYAWARAH

Muayawarah yaiku rembugan sawijinng babagan utawa perkara kanggo nggoleki solusi perkara iku.Tujuane musyawarah iku kanggo nggolek tembung sepakat lan mupakat. Carane nanggapi musyawarah iku bisa wujud pendapat, ide, kritik utawa dene dukungan. Nyemak Musyawarah kalebu nyemak intensir yaiku nyemak konsentratif. Topik sing dirembug ana sajroning musyawarah kuwi beda-beda. Musyawarah dadi gayeng menawa topike isih actual.
Menawa mirengake musyawarah kudu temenan, dipahami luwih dhisik lagi wenehi tanggepan, mahamine kudu objektif ategese ora nyawang sapa kang ngendhikan nanging apa sing dingeendhikake. Iku supaya ora dadi padudon amarga salah anggone nampa pamanggih.
Carane nanggepi musyawarah iku bisa wujud pendapat, ide, kritik utawa dene dukungan.
Musyawarah iku bisa kasil menawa nggatekake bab-bab kaya ing ngisor iki, antarane:
1)  Saben anggota musyawarah kudu mangerteni perkara kang dirembug ing musyawarah. 
2) Para anggota musyawarah kudu tanggung jawab lan ngurmati antarane anggota siji lan anggota liyane. 
3)  Pemimpin musyawarah kudu nduweni kawibawaan lan ngurmati para anggota musyawarah.

Dijupuk saka:
a. http://kadirikoukeigerumiki.blogspot.com/2013/07/musyawarah.html
b. http://corojowo.blogspot.com/2010/08/nyemak-musyawarah-lan-nanggapi.html
c. https://ngleluribasajawa.wordpress.com/2011/05/21/modul-basa-jawa-kelas-xi-semester-2-2/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar