ATUR PAMBAGYAHARJA
Tembung pambagyaharja kedadeyan saka rong tembung yakuwi pambagya lan harja kang didadekake siji (tembung saroja). Miturut Bausastra Jawa pambagya nduweni teges pambage , enggone mbagekake, pakurmatan (2001: 566). Dene tembung harja, hargya: urmat,
ngurmati (2001:26). Dadi, tegese pambagyaharja ngaturi pakurmatan utawa
bage-binage, mbagekake para among tamu kang rawuh ana sasana pawihan utawa kapinteran ing babagan bawa raos utawa medhar sabdha ing sawijining adicara ing sangareping para tamu undhangan. Ana ing adicara penganten, pambagyaharja kapacak ana titi adicara sawise penganten kekalih nindakake sungkeman.
Sangunipun Juru Sesorah/Pamedharsabda
1.Nguwasani bahan utawa perkara kang arep diwedharake
Juru pamedhar sabda kudu nguwasani bahan utawa perkara sing
diwedharake sarta wani caos tanggapan tumraping panyaruwe. Tanggapan
kuwi kudune nduweni dhasar utawa landhesan ora amung waton ngomong.
Mula kudune nduweni sangu ilmu kang mumpuni.2. Nduweni Rasa Wani Juru pamedhar sabda uga nduweni rasa wani micara ngadhepi wong akeh. Amarga bisa uga kalah prabawa karo pawongan sing diadhepi. Apamaneh yen sing diadhepi kuwi nduweni prabawa lan kepinteran kang luwih.
3.Patrap utawa sikep Patrap utawa sikep kudu sing trengginas, tanggap, manteb, luwes, pantes, wibawa, aora ingah-ingih, apamaneh wedinan. Nalikaning ngadeg kudu jejeg, ora ndhoyong, ora cekelan kepara lendhetan cagak. Parlu dimangerteni juru pamedhar sabda utawa juru paniti laksana sajroning ngayahi wajib/jejibahan uga dadi pasugatan mungguhing para tamu.ngegreng/semuwa utawa orane swasana wiwahan gumantung uga saka paraga kasebut.
Mula kuwi, kudune nduweni utawa ora uwal saka tata krama utawa trapsila yakuwi solah bawa, tindak-tanduk sing prasaja utawa apa anane ora digawe-gawe. Owah-owahaning pasuryan katon sumriingah anengsemake amarga swasanane nyenengake.
4. Busana lan ngadi sarira Tegese nalika nindakake ayahankuwi busana utawa ageman lan ngadi sarira kudu diselarasake kahanan.
5. Basa lan sastra Basa minangka piranti utawa sarana lelantaran, sesambungan utawa lung-tinampa karo para tamu utawa sing ngrungokake, mula saka kuwi basane ora basa ndakik-ndakik sing ora dimangerteni dening sing ngrukokake, ananging basa sing gampang dimangerteni wong akeh. Dene basa sing trep uga basa sing bener tuntunaning parama-sastra. Pamilihing tembung, pangrakiting ukara, laguning ukara (intonasi) ingkang cetha, kendho-kenceng, inggil-andhap, cepet rindhik lsp. Ringkesing basa kudu sing komunikatif, tegese kudu ngilingi:
- Sapa sing ngajak guneman;
- Sapa sing diajak guneman;
- Sapa sing diomonggake;
- Swasananing nalikaning guneman;
- Padha mangerteni sing diomongake.
a) Temtokake ancasing sesorah
b) Nganalisis situasi lan para pamireng
c) Milih lan nyiutake topik.
d) Ngumpulake bahan.
e) Nggawe cengkorongan
f) Ngandharake cengkorongan kanthi komplet.
g) Gladhen mawa swara sing banter.
Cengkorongan Pambagyaharja
1. salam pambuka
2. atur puji syukur marangGusti Kang Murbeng Dumadi
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun
4. wedharing gati utawa wosing medhar sabda utawa isining sesorah
5. atur nyuwun pangapura (tumrap sing kagungan kersa, menawa dadi wakile, lan diri pribadhi)
6. panutuping atur/salam
Tuladha
Pambagyaharja Supitan
Assalamu ’alakum Wr. Wb.
Nuwun
Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para pangemban pangembating negari ingkang dados pangayoming sesami, dalah sanggyaning tamu ingkang kinurmatan.
Keparenga kula minang badal wakilipun Bapak/Ibu … ingkang amengku gati, binantu kadang karuhipun, kula piniji ngaturaken ingkang dados raos-wiraosing manah, amargi karoban sih kadarman panjenengan sedaya satemah boten kuwawi matur piyambak.
Minangka purwaning atur, sumangga tansah enget ngunjukkaken puji syukur ing ngarsanipun Gusti Illahii Robbi ingkang sampun ngrentahaken rahmat, hidayah, saha inayah-Ipun, mliginipun kasugengan saha kalodhangan satemah kula sedaya anjenengi serat sedhahanipun Bapak/Ibu … ing ratri/siang puniki. Mugia lumintu pudyastawa tumrap kula sedaya. Amin. Amin. Amin Ya Robbal Alamin.
Salajengipun Bapak/Ibu … ngambali atur sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang tanpa pepindhan awitt saking rawuh panjenengan sekaliyan, saha paringanipun donga lan pangestu awit gatining sedya saha paringanipun sih kadarman ingkang awujud menapa kemawon, boten langkung kula sagotrah tansah sumendhe dhateng Pangeran Allah Ta’ala mugi dhumateng sedaya kesaenan panjenengan, keparingan lelintu ganjaran ingkang matikel-tikel. Amin.
Salajengipun saestu linepatna ing deduka, tinebihna ing tulaksarik, dene kula kumawantun lumaraping atur saengga ngirangi kamardikan panjenengan sedaya ingkang nedheng eca wawan pangandikan.
Nuwun, inggih awrat mundhi panyuwunanipun adhi kula pun Drs. Harjuna Sasrabahu sekaliyan, supados angaturaken menggah ingkang dados osiking manahipun saengga gumelaring pasamuwan siang/dalu menika.
Wondene menggah wigatosing sedya, ing pahargyan menika, senadyan sedayanipun sampun sami priksa kanthi kaserat ing serat sedhahan ingkang kaaturaken menapa dene aturipun utusan ingkang marak sowan, boten wonten awonipun yen ta kula aturaken malih kepara damell lega-legawaning manah menggah kasunyatanipun.
Inggih awit saking rahmating Gusti saha puja-puji pangestunipun para sepuh miwah para rawuh sedaya, kadangkula anem inggih adhikula … sampun kalampahan nindakaken kewajibanipun tiyang sepuh, ingkang ginadhuhan putra kakung sampun ndungkap wahyaning dewasa, mila anggadhahi hajad ngislamaken utawi nyupitaken putra kakungipun ingkang kapatedhan nama pun Bagus ….
Wondene tumapaking pagas, sampun kaleksanan kalawau sonten wanci tabuh gangsal, kanthi rahayu wilujeng kalis niring sambekala, awit saking panggayomaning Gusti ingkang murbeng dumadi. Ingkang menika adhikula pun … kekalih, nyuwun tambahing donga pangestu, mugi-mugi anak kula suwau enggal saras kados wingi uni, miwah icaling sukerta papa cintrakanipun, kantuna manggih bagya mulya, dados lare utama, susila miwah piguna. Lare ingkang mbangun miturut lan bekti ing tiyang sepuh, murakabi bebrayan kanthi mungguh, tan kendhat ngibadah ing Hyang widhi kanthi tuwajuh, saha manut tuntunaning agami ingkang rinengkuh. Amin.
Kalekasananing pahargyan ing wekdal menika, karana sih nugraha pambiyantunipun para sanak kadang pamong mitra, tangga tepalih, miwah panjenengan para tamu ingkang sampun kepareng pariing pisumbang awujud menapa kemawon, ingkang saestu saged angenthengaken sesanggeman saha bot-repotipun adhikula, ingkang menika kadang kula anem inggih adhikula … ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman panjenengan dados ngamal kesaenan, saengga pikantuk lelintu nugraha ingkang matikel-tikel, miwah bebingah ingkang langkung kathah. Amin. Amin. Ya Robbal Alamin.
Minangka pungkasaning atur, mbokbilih Bapak/Ibu … anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kuciwa lan kirangipun, mawantu-wantu tansah nyuwun agunging samodra pangaksama. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Ibu/Bapak …, menawi wonten galap-gangsuling atur, gonyak-ganyuking wicara miwah boten jangkep ing unggah-ungguh lan tata basa satemah adamel runtiking wardaya, saestu nnamung tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama.
Akhirul kalam, wa billahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Dijupuk saka:
a. https://ngleluribasajawa.wordpress.com/2011/05/21/modul-basa-jawa-xi-semester-1/
b. Lestari, Endang Dwi.2009.Kawruh Sapala Basa.Klaten:Intan Pariwara
Tidak ada komentar:
Posting Komentar