GAMELAN GUNTUR MADU LAN GUNTUR SARI KANGGO NGUNDANG UMAT PULUHAN KILOMETER
Gamelan Kyai Guntur Madu lan Nyai Guntur Sari, pusaka duweke Karaton Surakarta Hadiningrat iku manawa ditabuh nduweni makna kanggo ngundang umat amrih padha ngumpul, mula suwarane bisa rinungu nadyan adohe puluhan kilometer.

KGPH Puger
Nadyan pahargyan sekaten wis mungkur, nanging durung karuwan sadhengah wong mangerteni makna filosofi sing dikandhut. Sesambungan karo kuwi, PS kasil nemoni KGPH (Kanjeng Gusti Pangeran Haryo) Puger, salah sijine putrane PB XII sing pancen kajibah ngenani bab iki. KGFH Puger miterang, pahargyan sekaten mono digelar saben taun sepisan ing wulan Mulud (penanggalan Jawa) sing diwiwiti kanthi ‘ungele’ (unine) gendhing saka rong prangkat gamelan, minangka pusaka Kraton Surakarta Hadiningrat sing ditabuh ing emperan Masjid Agung Surakarta.
Rong prangkat gamelan iku kinaran Nyai Guntur Sari lan Kyai Guntur Madu. Gamelan pusaka kraton sing saben ndinane diseleh ing sasana pusaka mau, sadurunge dipanggonake ing pojok sisih Kidul Masjid Agung, dianakake upacara ritual umbul donga dening para ngulama kraton ing kamandungan. Sakrampunge upacara umbul donga, banjur diusung dening welasan abdi dalem, ngliwati Sitihinggil, pagelaran, nganti tekan Masjid Agung sing adohe ora kurang saka 2 kilo meter. “Gamelan mau ditabuh suwene seminggu, minangka gamelan pangiring awal perayaan sekaten” ujare KGPH Puger
Pahargyan sekaten mono diadani saben Wulan Mulud (penanggalan Jawa), minangka salah sijine cara kanggo nguri-uri tradhisi pengetan laire Nabi Muhammad SAW. Kajaba minangka upacara tradhisi, sekaten mbiyene uga dilakoni dening para Walisongo kanggo syiar agama Islam. Pahargyan sekaten iku, kandhane Pangeran Puger, dumadi wiwit zaman keemasan Sultan Syah Akbar Jumbun Sirullah Brawijaya utawa Raden Patah ing Demak, nalika Masjid Demak rampung dibangun ing taun 1403 Saka.

Gong Kyai Guntur Sari
Sakliyane minangka pengetan dina miyose Kanjeng Nabi Besar Muhammad SAW, tradhisi iki uga ngiras ngirus minangka dalan kanggo dhakwah para wali menehi ajaran agama Islam. Gamelan iki uga sing ngiringi para Wali Sanga, aweh panglipur sinambi ceramah agama. Nalika dakwah “Gamelan loro iku dudu minangka alat instrument, gamelan sing bisa disepeleke ngono wae, nanging ngemu makna filosofi sing dhuwur” ujare Gusti Puger, sing uga minangka ketua pengageng pariwisata kraton iki marang PS awan Minggu kepungkur.
Luwih adoh, adhik kandhung PB XIII iki ngandharake, gamelan 2 kasebut warisan turun-temurun wiwit zaman raja-raja sakdurunge Mataram Islam ing Surakarta lan Jogjakarta. Ya, gamelan iki sing sakbanjure pecah dadi loro, nalikane prastawa bedhah Kraton Kartasura Hadiningrat sing nyebabake dumadine rong kraton panerus Mataram Islam ing Jawa, yaiku Surakarta lan Ngajogjakarta. Sekaten, ujare Gusti Puger, uga wujudake rasa syukur pihak kraton lan masyarakat marang Gusti Kang Maha Kuwasa sing wis paring rahmat, anugerah lan berkah.
Wujud rasa syukur kasebut ditindake kanthi upacara ritual gunungan, minangka pucuking pahargyan sekaten, sing uga sinebut Grebeg Mulud. Gunungan Sekaten sing dumadi saka sakwernane asil bumi sing diwujudake minangka gunungan lanang lan gunungan wadon. Isih ditambah gunungan loro maneh sing luwih cilik, sing sinebut gunungan anak’an. Kabeh gunungan mau mengkone bakal kanggo rayahan masyarakat minangka bentuk ngalap berkah. Nanging sakdurunge gunungan mau dirayahake, didongani dhisik dening para ngulama kraton.
Gawe Trenyuh

Ngulama kraton nalika ngedum banyu, minangka sarana ngalab berkah
Donga kuwi nduweni karep, kabeh umat ing negeri iki adoh saka godha lan rencana, uga pageblug. Saengga dilancarake anggone padha golek sandhang pangan lan murah rejeki. Gusti Puger uga nambahi, gong sing diseleh ing bangsal Masdjid Agung sisih Kidul kinaran Nyai Guntur Sari. Gong iki minangka pengiring gamelan sing ditabuh sepisanan kanthi gendhing ‘Rambu’ sing artine ‘Rabbuna’ sing jlentrehe Allah sing aku sembah. Yen gong Kyai Guntur Madu sing manggon ana sisih lor sing ditabuh sepisanan kanthi gendhing ‘Rangkung’ ‘Raukhun’utawa jiwa kang agung.
Nanging makna sekaten sing paling wigati, yaiku nggayuh ‘rahmatan lil’alamin’, kemakmura kanggo kabeh umat sing manggon ing donya kene. Njejegake tumindak sing nyimpang, amrih menehi cahya saka pepeteng. Bengi sakdurunge, para abdi dalem gondhorasan nduweni jejibahan menehi sesaji ing panggonan mligi ing cedhake gamelan mau. Saperangan sesaji iku dumadi saka gedhang raja setangkep, suruh ayu, kinang, kembang pitung rupa, sega golong, gecok bakal, lsp. Kanthi rinci, Gusti Puger njlentrehke, awane udakara jam 10 an, rong perangan gamelan kasebut ditokake saka Sasana pusaka.
Gamelan mau, kanthi diusung para abdi dalem kraton saka Kamandhungan, Sitihinggil nganti tekan empering Masjid Agung. Atusan wong katon wis kesel anggone nunggu wiwit esuk. Kedah-kedahe mung kepingin ngrungokake ungeling gamelan sing sepisanan ditabuh. Nadyan direwangi kepanasan kaya-kaya ora rinasa. Manut kapercayan sing dumadi turun – temurun saka leluhur, sapa wae sing krungu suwara gamelan pusaka kasebut sing sepisanan ditabuh, bakal nampa rahmat lan berkah saka Gusti Kang Maha Wikan.

Gong pusaka kraton, lan saperangan gamelan sekaten nalika diusung saka Kamandhungan
Gamelan pusaka sing wis ditabuh wiwit ing zaman para Walisongo, suwarane gendhing iku bisa gawe getere ati, sapa wae sing krungu bakal rumangsa trenyuh. Malah kadigdayane suwara gamelan pusaka kraton kuwi bisa krungu nganti puluhan kilometer adohe. Mula saka iku saben gamelan pusaka Nyai Guntur Sari lan Kyai Guntur Madu ditabuh, masyarakat bakal gemruduk nekani tekane suwara mau. Kanggo sing percaya, kandhane Gusti Puger, nduweni daya linuwih sing becik kanggo panguripane.
Makna filosofi sekaten mono, ana rong perkara, yaiku Syahadat Tauhid ‘La ilaha illallah’. Sing artine ora ana Gusti sing patut disembah kacaba Allah lan Syahadat Rosul, yaiku “Muhammadar Rasullullah’ sing ngyakini yen Muhammad iku utusan Allah. Uga ‘Shakotaini’ tumindak becik marang manungsa lan ngibadah marang Allah. Pangajab nyata saka makna sekaten lan suwara gendhing pangiring gamelan pusaka kasebut pranyata bisa gawe masyarakat ngyakini keesaan Allah SWT lan Rosul utusan Allah, yaiku Muhammad SAW. Saperangan masyarakat uga ana sing nganggep yen suwara gamelan iku mung minangka lantaran anane maha agunge panguwasane Allah.

Gamelan pusaka kraton, nalika ditabuh sepisanan ing emper kidul Masdjid Agung
Nalika para ngulama ndedonga atusan masyarakatan padha nunggu kanggo ngantri supaya oleh banyu kembang setaman tilas kanggo ngumbah gamelan. Ciri khas liyane ing acara sekaten kuwi anane wong dodol kinang, sing dipercaya nduweni khasiat gawe awet enom, banyu kembang setaman tilas kanggo ngumbah pusaka gamelan mau saperangan petani percaya bisa gawe subur sawahe, yen disuntak ing tengah sawah, lsp. Dina esuke udakara jam 9 ing gapura gladhak, minangka dalan tumuju alun-alun lor, para kerabat kraton mbagi endhog amal (endhog bebek asin) marang sapa wae sing kebenaran ana kono, sing nduweni makna amal (weweh) minangka wujud manunggaling kawula Gusti.
(Kang Hong)
Dijupuk saka:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar