VI
DUDUKWULUH /MEGATRUH
1
Wong ngawula
ing ratu luwih pakewuh, nora kena minggrang-minggring, kudu mantep
sartanipun, setya tuhu marang gusti, dipun miturut sapakon.
2
Mapan ratu
kinarya wakil Hyang Agung, marentahken hukum adil, pramila wajib den
enut, kang sapa tan manut ugi,
mring parentahe sang katong.
3
Aprasasat
mbadal ing karsa Hyang Agung, mulane babo wong urip, saparsa ngawuleng
ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewuh.
4
Ing wurine
yen ati durung tuwajuh, angur ta aja angabdi, becik ngindhunga karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing batos.
5
Angur
angindhunga bae nora ewuh, lan nora nana kang ngiri, mung mungkul
pakaryanipun, nora susah tungguk kemit, seba mapan nora nganggo.
6
Mung yen ana
tontonan nonton neng lurung, glindhang-glindhung tanpa keris, sarwi
mbanda tanganipun, kemul bebede sasisih, andhodhok pinggiring bango.
7
Suparandene
jroning tyas anglir tumenggung, mangku bawat Senen Kemis, mangkono iku
liripun, nora kaya wong angabdi, wruh ing palataran katong.
8
Lan keringan
sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing salungguh-lungguhipun,
nanging ta dipun pakeling, mulane pinardi kang wong.
9
Samubarang
ing karsanira sang ratu, sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku,
wong kang padha-padha ngabdi, pagaweane pan saos.
10
Kang
nyantana bupati mantri panewu, kaliwon paneket miji, panalawe lan
panajung, tanapi para prajurit, lan kang nambutkaryeng katong.
11
Kabeh iku
kuwajiban sebanipun, ing dina kang amarengi, ing wiyosira sang prabu,
sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.
12
Ingkang
lumrah yen kerep seba wong iku, nuli ganjaran denincih, yen tan oleh nuli
mutung,
iku sewu-sewu sisip, yen wus mangarti ingkang wong.
13
Tan mangkono
etunge kang sampun weruh, mapan ta datan den pikir, ganjaran pan wis
karuhun, amung naur sihing gusti, winales ing lair batos.
14
Setya tuhu
saparentahe pan manut, ywa enggana karseng gusti, wong ngawula pamanipun, lir sarah munggeng jaladri, darma lumaku sapakon.
15
Dene begja
cilaka utawa luhur, asor iku pan wis pasthi, ana ing badanireku, aja
sok anguring-uring, marang gusti sang akatong.
16
Mundhak
ngakehaken ing luputireku, mring gusti tuwin Hyang Widhi, dene ta
sabeneripun, mupusa kalamun pasthi, ing badan tan kena menggok.
17
Tulisane ing
lokil-makful rumuhun, papancer sawiji-wiji, tan kena owah sarambut,
tulising badan puniki, aja na mundur pakewuh.
Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar