III
GAMBUH
1
Sekar gambuh
ping catur, kang cinatur polah kang
kalantur, tanpa tutur katula-tula
katali, kadaluwarsa katutuh, kapatuh pan dadi awon.
2
Aja nganti
kabanjur, sabarang polah kang nora
jujur, yen kabanjur sayekti kojur
tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
3
Pitutur
bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra
papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
4
Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
5
Si kidang
umbagipun, angandelken kebat
lumumpatipun, pan gajah ngandelaken
geng a-inggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.
6
Iku
upamanipun, aja ngandelkaken sira
iku, suteng nata iya sapa ingkang
wani, iku ambege wong digung, ing wusana dadi asor.
7
Adiguna
puniku, ngandelaken kapinteranipun,
samubarang kabisan dipun dheweki,
sapa pinter kaya ingsun,
tuging prana nora injoh.
8
Ambeg
adigang iku, ngandelaken ing
kasuranipun, para tantang candhala
anyanayampahi, tinemenan nora pecus, satemah dadi guguyon.
9
Ing wong
urip puniku, aja nganggo ambeg kang
tetelu, anganggoa rereh ririh
ngati-ati, den kawangwang barang
laku, den waskitha solahing wong.
10
Dene katelu
iku, si kidang suka ing patinipun, pan si gajah alena patinereki, si ula ing patinipun, ngandelken upase mandos.
11
Katelu nora
patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wawadi, bungah akeh wong anggunggung, wekasane kajalomprong.
12
Yen wong
anom puniku, kakehan panggunggung
dadi kumprung, pengung bingung wekasane
pan angoling, yen den gunggung
muncu-muncu, kaya wudun meh
mecothot.
13
Ing wong
kang padha nggunggung, pan sepele iku pamrihipun, mung warege wadhuk kalimising lathi, lan telesing gondhangipun, ruruba alaning
uwong.
14
Amrih pareka
iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong akeh sayektine padha wedi, tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing wong.
15
Yen wong
mangkono iku, nora pantes cedhak
mring wong agung, nora wurung
anuntun panggawe juti, nanging ana
pantesipun, wong mangkono
didhedheplok.
16
Aja kakehan
sanggup, durung weruh tuture angupruk, tutur nempil panganggepe wruh
pribadi, pangrasane keh wong
nggunggung, kang wis weruh amalengos.
17
Aja nganggo
sireku, kalakuan kang mangkono iku, datan wurung tinitenan den cireni, mring pawong sanak sadulur, nora nana kang pitados.
Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar