PUPUH I
PANGKUR
01
Mingkar-mingkuring angkara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining
kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,kang tumrap neng tanah
Jawa, agama ageming aji.
02
Jinejer ing Wedhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka nadyan tuwa
pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah samun,samangsane
pakumpulan, gonyak-ganyik nglilingsemi.
03
Nggugu karsane priyangga, nora nganggo peparah lamun angling,lumuh ingaran
balilu, uger guru aleman, nanging janma ingkang wus waspadeng semu, sinamun ing
samudana, sesadon ing adu manis .
04
Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar
angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis waskitha
ngalah, ngalingi marang si pingging.
05
Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane mung weh reseping ati,bungah ingaran
cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora kaya si punggung anggung gumunggung, agungan
sadina dina, aja mangkono wong urip.
06
Uripe sapisan rusak, nora mulur nalare ting saluwir, kadi ta guwa kang sirung, sinerang ing
maruta, gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung, pindha padhane si mudha,
prandene paksa kumaki.
07
Kikisane mung sapala, palayune ngendelken yayah wibi, bangkit tur bangsaning luhur, lah
iya ingkang rama, balik sira sarawungan bae durung, mring atining tata krama, nggon-anggo agama suci.
08
Socaning jiwangganira, jer katara lamun pocapan pasthi, lumuh asor kudu unggul,
sumengah sosongaran,yen mangkono kena ingaran katungkul, karem ing reh kaprawiran,
nora enak iku kaki.
09
Kekerane ngelmu karang, kakarangan saking bangsaning gaib, iku boreh paminipun, tan
rumasuk ing jasad, amung aneng sajabaning daging kulup, Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.
10
Marma ing sabisa-bisa, babasane muriha tyas basuki, puruitaa kang patut, lan traping
angganira. Ana uga angger ugering kaprabun, abon aboning panembah, kang kambah ing
siyang ratri.
11
Iku kaki takokena, marang para sarjana kang martapi, mring tapaking tepa tulus, kawawa
nahen hawa, Wruhanira mungguh sayjataning ngelmu, tan mesthi neng janma wreda, tuwin
muda sudra kaki.
12
Sapa ntuk wahyuning Allah, gya dumilah mangulah ngelmu bangkit, bangkit mikat reh
mangukut, kukutaning Jiwangga, Yen mangkono kena sinebut wong sepuh, liring sepuh
sepi hawa, awas roroning atunggal.
13
Tan samar pamoring Sukma, sinukmanya winahya ing ngasepi, sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning warana, tarlen saking liyep layaping ngaluyup, pindha pesating supena,
sumusuping rasa jati.
14
Sajatine kang mangkana, wus kakenan nugrahaning Hyang Widi, bali alaming ngasuwung,
tan karem karameyan, ingkang sipat wisesa winisesa wus, mulih mula mulanira, mulane
wong anom sami.
Dijupuk saka:
a. https://alangalangkumitir.wordpress.com/2008/04/19/serat-wedhatama/
b. Nugroho, Yusro Edy.2008.Senarai Puisi Jawa Klasik.Semarang:Cipta Prima Nusantara
Tidak ada komentar:
Posting Komentar