XII
Sinom
1
Ambege kang
wus utama, tan ngendhak gunaning janmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu
bathi, pintere den alingi, bodhone dinokok ngayun, pamrihe den inaa,
aja na ngarani bangkit, suka lila denina sapadha-padha.
2
Ingsun uga
tan mangkana, balilu kang sun alingi, kabisan sundekek ngarsa, isin menek
denarani, balilu ing sujanmi, nanging batiningsun cubluk, parandene
jroning tyas, lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
3
Tur duk
ingsun maksih bocah, akeh kang amituturi, lakuning wong kuna-kuna,
lalabetan ingkang becik, miwah carita ugi, kang kajaba saking ngebuk, iku
kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka nora nana undhaking kabisan.
4
Carita
nggoningsun nular, wong tuwa kang momong dhingin, akeh kang sugih carita,
sun rungokken rina wengi, samengko maksih, eling sawise diwasaningsun,
bapak kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tata-krama ing pratingkah
kang raharja.
5
Nanging
padha ngestokena, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja,
anggonen pitutur iki, nggoningsun ngeling-eling, pitutur wong
sepuh-sepuh, muga padha bisaa, anganggo pitutur becik, ambrekati wuruke
wong tuwa-tuwa.
6
Lan aja na
lali padha, mring luluhur ingkang dhingin, satindake den kawruhan,
angurangi dhahar guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun,
temune kang sineja ,mungguh wong nedha ing Widhi, lamun temen lawas enggale
tinekan.
7
Pangeran
kang sipat murah, njurungi kajating dasih, ingkang temen tinemenan, pan
iku ujaring dalil, nyatane ana ugi, iya Ki Ageng ing Tarub, wiwitane
nenedha, tan pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.
8
Panembahan
Senapatya, kang jumeneng ing matawis, iku kapareng lan mangsa, dhawuh nugrahaning
Widhi, saturune lestari, saking brekating luluhur, mrih tulusing
nugraha, ingkang kari-kari, wajib uga anirua lakunira.
9
Mring luhur
ing kuna-kuna, enggone ambanting dhiri, iya sakuwasanira, sakuwate
anglakoni, nyegah turu sathithik, sarta nyuda dhaharipun, pirabara
bisaa, kaya ingkang dhingin-dhingin, atirua sapratelon saprapatan.
10
Ana ta silih
bebasan, padha sinaua ugi, lara sajroning kapenak, suka sajroning
prihatin,lawan ingkang prihatin, mapan suka ing jronipun, iku den
sinaua, lan mati sajroning urip, ing wong kuna pan mangkono kang den
gulang.
11
Pamoring
Gusti kawula, pan iku ingkang sayekti, dadine sotya ludira, iku den
waspada ugi, gampangane ta kaki, tembaga lawan mas iku, linebur ing
dahana, luluh amor dadi siji, mari nama kencana miwah tembaga.
12
Ingaranana
kencana, pan wus kamoran tembagi, ingaranana tembaga, wus kamoran kencana
di, milila dipun wastani, mapan suwasa puniku, pamore mas tembaga,
pramila namane salin, lan rupane sayekti puniku beda.
13
Cahya abang
tuntung jenar, punika suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembagane nora
becik, pambesote tan resik, utawa nom emasipun, iku dipun pandhinga,
sorote pesthi tan sami, pan suwasa bubul arene punika.
14
Yen arsa
karya suwasa, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oleha tembaga
prusi, binesot ingkang resik, sarta mase ingkang sepuh, resik tan
kawoworan, dhasar sari pasthi dadi, iku kena ingaran suwasa mulya.
15
Puniku mapan
upama, tepane badan puniki, lamun arsa ngawruhana, pamore kawula Gusti,
sayekti kudu resik,aja katempelan nepsu, luwamah lan amarah, sarta suci
lair batin, dadi mene sarira bisaa tunggal.
16
Lamun ora
mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ngelmu ingkang nyata, nora kena
den sasabi, ewuh gampang sayekti, puniku wong duwe kawruh, gampang yen
winicara, angel yen durung marengi, ing wektune binuka jroning wardaya.
17
Nanging ta
sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes den talatenana,
lawas-lawas mbok pinanggih, den mantep jroning ati, ngimanken tuduhing
guru, aja uga bosenan, kalamun arsa utami, mapan ana dalile kang wus
kalakyan.
18
Para luluhur
sadaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa mbaboni praja, dadi ugering rat
Jawi, saking talaten ugi, enggone katiban wahyu, ing mula mulanira,
lakuning luluhur dhingin, andhap asor enggone anamur lampah.
19
Tapane
nganggo alingan, pan sami alaku tani, iku kang kinarya sasab, pamrihe aja
katawis, ujubriya lan kibir, sumungah ing siningkur, lan endi kang
kanggonan, wahyuning karaton Jawi, tinempelan anggenipun kumawula.
20
Puniku laku
utama, tumindak sarta kekelir, nora ngatingalken lampah, wadine kang
denalingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngelmu
rasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja na tinggal lanjaran.
21
Lawan ana
kang wasiyat, prasapa kang dhingin-dhingin, wajib padha kawruhana, mring
anak putu kang kari, lan aja na kang lali, anerak wewaleripun, marang
luluhur padha,kang minulyakken ing Widhi, muga-muga mupangatana kang
darah.
22
Wiwitan kang
aprasapa, Ki Ageng ing Tarub weling, ing satedhak turunira, tan rinilan
nganggo keris, miwah waos tan keni, kang awak waja puniku, lembu tan kena
dhahar, daginge lan ora keni, angingua marang wong Wandhan tan kena.
23
Dene Ki
Ageng Sesela, prasapane ora keni, ing satedhak turunira, nyamping cindhe
denwaleri, kalawan nora keni, ing ngarepan nandur waluh, wohe tan kena
mangan, Panembahan Senapati, ing ngalaga punika ingkang prasapa.
24
Ing satedhak
turunira, mapan nora denlilani, nitih kuda ules napas, lan malih dipun
waleri, nitih turangga ugi, kang kokoncen surinipun, dhahar ngungkurken
lawang, ing wuri tan na nunggoni, dipunemut aja na nerak prasapa.
25
Jeng Sultan
Agung Mataram, prasapane nora keni, mring tedhake yen nitiha,jaran
bendana yen jurit, nganggo waos tan keni, kang landheyan kayu wergu, lan
tan ingaken darah, yen tan bisa tembang Kawi, pan prayoga satedhak sinaua.
26
Jeng Sunan
Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madeg Kartasura,
prasapanipun tan keni, nenggih kalamun nitih, dipangga saturunipun, Sunan
Prabu Mangkurat, waler mring saturuneki, tan linilan ngujung astana ing
Betah.
27
Lawan tan
kena nganggoa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh
ajaa na kang lali, lan aja na nggagampil, puniku prasapanipun, nenggih
Jeng Susuhunan, Pakubuwana ping kalih, mring satedhak turunira linarangan.
28
Mangan apyun
nora kena, sineret tan den lilani, inguntal pan linarangan, sapa kang
wani nglakoni, narajang waler iki, yen nganti kalebon apyun, pan kena ing
prasapa, jinabakken tedhakneki, Jeng Susuhunan ingkang sumare Nglaweyan.
29
Prasapa Jeng
Susuhunan, Pakubuwana kaping tri, mring satedhak turunira, mapan datan
denlilani, agawe andel ugi, wong kang seje jinisipun, puniku
linarangan, anak putu wuri-wuri, aja na kang wani nrajang prasapa.
30
Wonten waler
kaliwatan, saking luluhur kang dhingin, linarangan angambaha, wana
Krendhawahaneki, dene kang amaleri, sang Dananjaya ing dangu, lan malih
winaleran, kabeh tedhake Matawis, yen dolana ing wana Rami tan kena.
31
Dene sisirakanira,
yen tedhak ing Demak ugi, anganggo wulung tan kena, lawan ta kang nyirik
malih, bebed lonthan tan kena, kalamun tedhak Madiyun, lan payung
dhanddhan abang, tedhak Madura tan keni, nganggo poleng lan bathikan
parang-rusak.
32
Tedhaking
Kudus tan kena, adhahara daging sapi, tedhaking Sumenep ika, nora kena
ajang piring, watu pan datan keni, dhahar kidang dagingipun, mapan ta
linarangan, godhong palasa kinardi, ajang mangan pan puniku nora kena.
33
Kabeh anak
putu padha, eling-elingen ywa lali, prasapa kang kuna-kuna walering luluhur
dhingin, estokna ing jro ngati, aja nganti nemu dudu, kalamun wani
nerak, pasthi tan manggih basuki, Sinom Salin Girisa ingkang atampa.
Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar