Sanggar Greget

Minggu, 04 Januari 2015

Asmarandhana



XI
ASMARANDHANA

1
Padha netepana ugi,   kabeh parentahing sarak,   terusna lair batine,  salat limang wektu uga,   tan kena tininggala,   sapa tinggal dadi gabug,   yen misih dhemen neng praja.
2
Wiwit ana badan iki,  iya teka ing sarengat,   ananing manungsa kiye,  rukun Islam kang lilima,   nora kena tininggal,   iku parabot linuhung,   mungguh wong urip neng dunya.
3
Kudu uga den lakoni,   rukun lilima punika,   mapan ta sakuwasane,   nanging aja tan linakyan,   sapa tan nglakonana,   tan wurung nemu bebendu,   padha sira esttokena.
4
Parentahira Hyang Widhi,  kang dhawuh mring Nabiyullah,   ing dalil kadis enggone,   aja na ingkang sembrana,   rasakna den karasa,   dalil kadis rasanipun,   dadi padhang ing tyasira.
5
Nora gampang wong ngaurip,   yen tan weruh uripira,   uripe padha lan kebo,   anur kebo dagingira,   kalala yen pinangana,   pan manungsa dagingipun,   yen pinangan pesthi karam.
6
Poma-poma wekas mami,   anak putu aja lena,   aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman,   marang papaes donya,   siyang dalu dipun emut,   yen urip manggih antaka.
7
Lawan aja angkuh bengis,   lengus lanas langar lancang,   calak ladah sumalonong,   aja edak aja ngepak,   lan aja siya-siya,   aja jail para padu,   lan aja para wadulan.
8
Kang kanggo ing mangsa mangkin,   prayayi nom kang den gulang,   kaya kang wus muni kuwe,   lumaku temen kajena,   tan nganggo etung murwat,   lumaku kukudhung sarung, anjaluk dendhodhokana.
9
Pan tanpa kusur sayekti,   satriya tan wruh ing tata,  ngunggulaken satriyane,   yen na ngarah dhinodhokan,   anganggoa jajaran,   yen niyat lunga anyamur,   aja ndhodhokken manungsa.
10
Iku poma dipuneling,   kaki mring pitutur ingwang,   kang wis muni mburi kuwe,   yen ana ingkang nganggoa,   cawangan wong mbelasar,   saking nora ngrungu tutur,   lebar tan dadi dandanan.
11
Barang-gawe dipun eling,   nganggoa tepa-sarira,   parentah lan sabenere,   aja ambeg kumawawa,   amrih den wedenana,   dene ta wong kang wis luhung,   nggone amengku mring bala.
12
Den prih wedi sarta asih,   pamengkune maring wadya,   wineruhena ing gawe,   den bisa aminta-minta, karyaning wadyanira,   ing salungguh-lungguhipun,   ana karyane priyangga.
13
Sarta weruhna ing becik,   gantungana ing tatrapan,   darapon pethel karyane,   dimene aja sembrana, anglakoni ing karya,   ywa dumeh asih sireku,  yen leleda tatrapana.
14
Nadyan sanak-sanak ugi,   yen leleda tinatrapan,   murwaten lawan sisipe,   darapon padha wedia,   ing wuri ywa leleda,   ing dana-kramanireku,   aja pegat den warata.
15
Lan maninge suta mami,   mungguh anggep wong ngawula,   den suka sokur ing batos,   aja pegat ing panedha,   mring Hyang kang amisesa,   ing rina wenginipun,   mulyaning nagara tata.
16
Iku uga den pakeling,   kalamun mulya kang praja,   mupangati mring wong akeh,   ing rina wengi ywa pegat,   nenedha mring Pangeran,   tulusing karaton prabu,   miwah arjaning nagara.
17
Iku wawalesing batin,   mungguh wong suwiteng nata,   ing lair setya tuhune,   lawan cecadhang sakarsa,   badan datan lenggana,   ing siyang dalu pan katur,   pati uriping kawula.
18
Gumantung karsaning gusti,   iku traping wadya setya,   nora kaya jaman mangke,   yen wis oleh kalungguhan,   trape kaya wong dagang,   ngetung tuna bathineipun,   ing tyas datan rumangsa.
19
Uwite dadi priyayi,   sapa kang gawe mring sira,   nora weruh wiwitane,   iya weruha witira,   dadi saking ruruba,   mulane ing batinipun,  pangetunge lir wong dagang.
20
Pikire gelisa pulih, rurubane duk ing dadya, ing rina wengi ciptane, kapriye lamun bisaa, males sihing bendara, linggihe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.
21
Pamrihe gelisa bathi,   nadyan mbesuk denpocota,   duweke sok wisa puleh,   kapriye lamun tataa,   polahe salang-tunjang,   padha kaya wong bubruwun,   tan etung duga prayoga.
22
Poma padha denpakeling,   nganggoa sokur lan rila,   narima ing sapancene,   lan aja amrih sarana,   mring wadya nandhang karya,   lan padha amriha iku,   arjaning kang desa-desa.
23
Wong desa pan aja nganti,   ewuh nggone nambut-karya,   sasawah miwah tegale,   nggaru maluku tetepa, aja denulah-ulah, dimene tulus nanandur,   pari kapas miwah jarak.
24
Yen desa akeh wongneki,   ingkang bathi pasthi sira,   wetuning pajeg undhake,   dipun rereh pamrihira,   aja nganti rekasa,   den wani kalah rumuhun,  beya kurang paringana.
25
Kapriye gemaha ugi,   sakehe kang desa-desa,   salin bekel pendhak epon,   pametune jung sacacah,   bektine karobelah,   satemah desane suwung,   priyayi jaga pocotan.
26
Poma aja anglakoni,   kaya pikir kang mangkana,   tan wurung lingsem temahe,   den padha angestokena,   mring pitutur kang arja,   nora nana alanipun,   wong nglakoni kabecikan.
27
Nom-noman samengko iki,   yen den pituturi arja,   arang kang angrungokake,   den slamur asasembranan,   emoh yen anirua,   malah males apitutur,   pangrasane uwis wignya.
28
Aja ta mengkono ugi,   yen ana wong cacarita,   rungokena saunine,   ingkang becik sira nggoa,   buwangen ingkang ala,   anggiten sajroning kalbu,  ywa nganggo budi nom-noman.

Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar