Sanggar Greget

Sabtu, 03 Januari 2015

Pangkur



IV
PANGKUR

1
Kang sekar pangkur winarna,   lalabuhan kang kanggo wong ngaurip,   ala lan becik puniku,   prayoga  kawruhana,   adat waton puniku dipun kadulu,   miwah ta ing tatakrama,   den kaesthi siyang ratri.
2
Duduga lawan prayoga,   myang watara riringa aywa lali,   iku parabot satuhu,   tan kena tininggale,   tangi lungguh angadeg tuwin lumaku,   angucap meneng anendra,   duga-duga nora keri.
3
Miwah ing sabarang karya,  ing prakara  gedhe kalawan cilik,  papat iku datan kantun,  kanggo sadina-dina,  lan ing wengi nagara miwah ing dhusun,  kabeh kang padha ambegan,  papat iku nora kari.
4
Kalamun ana manungsa,  anyinggahi dugi lawan prayogi,  iku wateke tan patut awor lawan wong kathah,  wong digsura ndaludur tan wruh ing edur,  aja sira pedhak-pedhak,  nora wurung niniwasi.
5
Mapan wateke manungsa,  pan katemu ing laku lawan linggih,  solah muna-muninipun,   pan dadya panengeran,  kang apinter kang bodho miwah kang luhur,  kang asor lan kang malarat,   tanapi manungsa sugih.
6
Ngulama miwah maksiyat,  wong kang kendel tanapi wong kang jirih,  durjana bobotoh kaum,  lanang wadon pan padha,  panitiking manungsa wawatekipun,  apadene wong kang nyata,  ing pangawruh kang wis pasthi.
7
Tinitik ing solah bawa,  muna-muni ing laku lawan linggih,  iku panengeran agung,  winawas ginrahita,  pramilane ing wong kuna-kuna iku,  yen amawas ing sujanma,  datan amindhogaweni.
8
Ginulang sadina-dina,  wiwekane mindeng basa basuki,  ujubriya kibiripun,  sumungah tan kanggonan,  mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung,  ujar sirik kang rineksa,   kautaman ulah-wadi.
9
Ing mangsa mengko pan arang,   kang katemu ing basa kang basuki,  ingkang lumrah wong puniku,  drengki drohi lan dora,  iren meren panasten dahwen kumingsun,  opene nora pasaja,  jahil muthakil mbesiwit.
10
Alaning liyan denandhar,  ing beciking liyan dipunsimpeni, becike dhewe ginunggung,  kinarya pasamuwan,  nora ngrasa alane dhewe ngendhukur,  wong kang mangkono wateknya,  nora pantes denpedhaki.
11
Iku wong durbala murka,  nora nana mareme ing jro ati,  sabarang karepanipun,  nadyan wisa katekan,  karepane nora marem saya mbanjur,  luamah lawan amarah, iku ingkang den tutwuri.
12
Ing sabarang tingkah polah,  yen angucap tanapi lamun linggih,  sungkan kasor ambegipun,  pan lumuh kaungkulan,  ing sujanma pangrasane dhewekipun,  pan nora ana kang amadha,  angrasa luhur pribadi.
13
Aja nedya katempelan,  ing wawatek kang tan pantes ing budi,  watek rusuh nora urus,  tunggal lawan manungsa,  dipun sami karya labuhan kang patut,  darapon dadi tuladha,  tinuta ing wuri-wuri.
14
Aja lonyo lemer genjah,  angrong-pasanakan nyumur gumuling,  ambuntut-arit puniku,  watekan tan raharja,  pan wong lonyo nora kena dipun etut,  monyar-manyir tan antepan,  dene lemeran puniki.
15
Para-penginan tegesnya,  genjah iku cecegan barang kardi,  angrong-pasanak liripun,  remen olah miruda,  mring rabine sedulur miwah ing batur,  mring sanak myang pasanakan,  sok senenga den ramuhi.
16
Nyumur gumuling tegesnya,  ambelawan datan duwe wewadi,  nora kena rubung-rubung,  wewadine kang wutah,  mbuntut-arit punika pracekanipun,  abener ing pangarepan,  nanging nggarethel ing wuri.
17
Sabarang kang dipun ucap,  nora wurung amrih oleh pribadi,  iku labuhan tan patut,  aja anedya telad,  mring watekan nenem prakara puniku,  sayogyane ngupayaa,  lir mas tumimbul ing warih.

DIjupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar