Adat Tatacara Panganten Jawi ing Surakarta saha Ngayogyakarta (2)
Nebus Sekarmayang

Sekarmayang kapajang ing Panggih Panganten Jawi Prasaja
Kangge mundhut Sekarmayang, katindakaken Upacara Nebus Sekarmayang. Ing mriki wonten pawestri kalih ingkang sampun cekap yuswa sarta sampun palakrama, ingkang kapatah nebus sekarmayang (cacah 2) dhumateng piyantun sepuh ingkang damel Sekarmayang. Caranipun kanthi wawan rembag kados ing ngandhap punika:
- : (Piyantun ingkang mundhut/nebus) “Grembyeng-grembyeng niku peken pundi?”
- : (Piyantun ingkang damel/sade) “Punika peken Purwadadi”
- : “Sade punapa kemawon?”
- : “Sade golekan penganten”
- : “Punapa angsal kula tumbas kangge dolanan anak kula penganten?”
- : “Inggih kenging, mangga kula caosaken golekipun sampun jangkep sadaya”
- : “Reginipun pinten?”
- : “Reginipun suwang seprapat lan sapirantosipun.”
Piyantun ingkang damel Sekarmayang lajeng masrahaken sekarmayang dhateng piyantun ingkang nebus. Dene arta ingkang sampun kacawisaken lajeng kapasrahaken piyantun ingkang nebus Sekarmayang dhumateng piyantun ingkang damel sekar mayang. Salajengipun Sekarmayang kagendhong mawi sindur dening ibu piyantun panebus kekalih wau, lajeng lumampah sajajar sesarengan tumuju griyanipun calon penganten putri. Sasampunipun dumugi, nuli kapapag dening para pinisepuh saking pehak calon penganten putri. Sekarmayang lajeng kapasrahaken dhumateng pinisepuh ingkang tinaggenah.
Siraman
Sadinten saderengipun panggih temanten, dipunleksanakaken upacara siraman. Ing Surakarta wekdalipun pukul 11 siang, manawi ing Ngayogyakarta biyasanipun ing wanci sonten. Kangge upacara siraman, kabetahaken ubarampe:
- Toya (kangge siram dipunsukani sekar),
- Palenggahan (kalemekan klasa enggal, ron apa-apa, ron kluwih, ron kara, ron dhadhap-srep, ron maja, ron alang-alang, ingkang katumpangaken ing sawarnaning sinjang. Ugi kacawisan glepung uwos, mangir lan pandhan karajang, ron kemuning ingkang kapipis (kangge ngresiki sarira sarta kangge luluran).
Pehak tiyang sepuh calon penganten putri lajeng ngrawuhaken tanggi-tepalih dumados para ibu ingkang sampun yuswa sacekap, murih paring pandonga pangestu dhumateng calon penganten putri. Nalika upacara siraman kawiwitan, calon penganten putri dipunsirami kanthi gegentosan dening para ibu. Manawi sampun cekap calon penganten putri nglejengaken gebyur piyambak ngantos cekap. Sasampunipun sarira resik lajeng kagrujug mawi toya mirunggan ingkang kasimpen ing lelebet klenthing. Sasampunipun upacara cekap, klenthing kabanting ngantos ambyar kanthi ngandika sora “Wis pecah pamore!”
Sesajen ing upacara siraman, dumados saking: tumpeng robyong, tumpeng gundhul, jenang abang putih, jajan pasar, kembang boreh, ayam gesang, tebu arjuna sarakit, cengkir manis sarta cengkir gadhing sarakit. Tumrap calon penganten kakung, upacara siraman saha ubarampenipun inggih sami kewala.
Paes

Busana panganten Jawa – Muslim ing Klaten (Surakarta)
Sasampunipun siraman, calon penganten putri tumuli lumebet ing senthong penganten ingkang sampun kacawisaken. Lajeng ngagem rasukan sembagi polos kanthi ules ingkang nyolok. Rikma kagaringaken mawi ratus ingkang kaukup (jaman sapunika saged mawi alat pengering elektronik) amrih ngganda arum. Salajengipun ibu juru paes wiwit ngerik githokipun calon penganten putri. Lajeng maes ing perangan ngajeng ngantos sae.
Sesajenipun awujud: klasa bangka mawi seret abrit, sangandhap klasa dipunsukani mawarni ron-ronan (apa-apa, kluwih, kara, dhadhap, maja, alang-alang), barang sembet (letrek jingga, banguntulak, sindur, liwatan, sembagi, slendhang lurik puluhwatu, sinjang yuyu sakandhang mayang sekar, lawon pethak), pisang raja satangkep (kapilih ingkang jangkep uleranipun), lawe wenang satukel, pengilon, jungkat, suri, menyan madu, lisah sundhul langit, kunir kalih grigeh (empu sarta enthikipun), kisi kapuk kapas, pantun wulen. Sadaya dipunwadhahi tampah wiyar ingkang taksih enggal, nginggilipun dipunsukani arta suwang saprapat, cikal sarakit, ayam gesang, bodhak (isi senthir), kendhi, empluk (isi tigan ayam mentah), kacang ijem, wos jahe, dlingo, bengle. Sarta tumpeng satampah pepak sapirantosipun.
Sadaya sesajen kala wau lajeng dados wenangipun juru paes. Miturut kapitadosan kina, salaminipun juru paes nindakaken jejibahan kedah tansah ngurubaken lampu senthir ing sanginggile jodhog. Sampun ngantos lampu wau pejah, dados kedah murub terus (anggenipun ngobong ratus inggih kedah terus kemawon).
Nyantri
Kawit rumiyin engga sapriki taksih limrah kalaksanakaken calon penganten kakung dhateng ing griyanipun calon penganten estri sadinten saderengipun upacara ijab kalampahan. Calon pengaten kakung lajeng nyipeng ing griyanipun calon marasepuh. Tata cara makaten wau winastan nyantri, utaminipun kangge njagi katentreman sarta karaharjan wonten ing makna ingkang sakalangkung wiyar.
Upacara nyantri saged dumados ing malem midodareni. Calon penganten kakung ngrasuk busana kasatriyan (nuladha busana pangeran), dumados saking: kampuh (jarik, bebed), jas takwa saking sutra, iket jebehan, sumping barleyan, sakudhup sekar mlathi, kalung ulur-ulur, dhuwung warangka ladrang/brangah dereng mawi kolong keris, sarta ngagem selop. Ing jaman sapunika calon penganten kakung manawi nyantri umumipun namung ngagem pantaloon saha jas jangkep kemawon.
Lumampahing upacara nyantri kawiwitan pukul 7 ndalu. Calon penganten kakung kairingan dening rombongan kulawarga sarta para rencangipun, dumados saking:
- Lare jaler kalih mbekta lampung ting 2 kanan kering, mapan ing ngajeng piyambak,
- Cucuk lampah lumampah ngrumiyini, nanging ing tengah sawingkingipun lare ingkang mbekta ting,
- Calon penganten kakung lumampah sawingkingipun cucuk lampah, kaampingan penganthi, sarta kasongsongan,
- Sakiwa-tengen panongsong kinapit patah penganten ingkang mbekta lopak-lopak (pethi alit wadhah kinang, sirih, jambe, lsp) sarta kecohan (paidon).
Manawi rombongan calon penganten kakung sampun dumugi sangajeng griyanipun calon penganten putri, nulya kapapag dening panampi tamu saha katuran lumebet pendhapa. Sadaya rombongan ugi kepareng lumebet ing dalem ingkang kacawisaken. Sasampunipun atur panampi saha pambagya, salah satunggaling pangiring calon penganten kakung ingkang piniji awit nami keluarga calon penganten kakung, jumeneng sarta ngendika dhumateng ramanipun calon pengaten putri: “Kangmas/adhi A (nyebat asma ramanipun calon penganten estri miturut nem sepuhipun) lampah kula mriki dipunkengken bapa B (nyebat nama ramanipun calon penganten kakung). Ingkang sepisan ngaturaken taklimipun, kaping kalih ngaturaken nyantrinipun ingkang putra calon penganten kakung.”
Sasampunipun katampi dening rama calon pengaten putri, calon penganten kakung nuli kalarabaken dhumateng griya ingkang sampun kacawisaken minangka pondhokan. Salajengipun kawedalaken pasegahan ingkang mbanyumili. Manawi sampun cekap sadayanipun, rombongan pengiring calon penganten kakung lajeng pamit kondur, ingkang katilar namung sawatawis keluarga calon penganten kakung ingkang caket, sarta lare patah gunggung kalih.
Manawi dalu punika kaleres malem midodareni, calon penganten kakung ugi saged ndherek ing pendhapa, nampi tamu ingkang sami rawuh njagong. Nanging namung sakedhap kemawon. Salajengipun calon penganten kakung kedah wangsul malih lumebet ing pondhokan. (Ana Candhake)
Dijupuk Saka:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar