Sanggar Greget

Minggu, 11 Januari 2015

Manten 3


Adat Tatacara Panganten Jawi ing Surakarta SahaNgayogyakarta 

Midodareni

Penganten Jawa-Muslim ing Bantul
Penganten Jawa-Muslim ing Bantul
Manawi upacara panggih penganten kirang satunggal dalu, kawastanan mido­dareni. Padatanipun kulawarga calon pe­nganten putri atur ulem kagem sawata­wis tamu ingkang dumadi saking kulawarga caket sarta tangga-tepalih, supados nja­gong midodareni. Jaman saderengipun taun 1960-an, manawi jagong midoda­reni boten kapareng ngendika sawatawis sora utawi gegojegan sarta gumujeng ngantos lakak-lakak. Para lenggah na­mung sami kendel utawi ngeningaken cipta, nyuwun dhumateng Pangeran Ing­kang Maha Kuwaos amrih upacara nikah sarta panggih ing dinten benjing saged lumampah sae, wilujeng, boten manggih pepalang satunggal punapa. Manawi ngandika inggih kedah namung bisik-bisik kemawon.
Pasugatan ingkang kasegahaken ja­man rumiyin inggih punika: dhadharan go­rengan utawi dhadharan keleman, kadosta jadah, wajik, nagasari, mendut, meniran, criping pisang, pisang kepok go­reng, rengginang, dhahar sekul ja­ngan gudhangan mawi tigan, sarta un­juk­an. Pasugatan kasebat, miturut do­ngengipun nuladha natkala Jaka Tarub kalihan Dewi Nawangwulan nindakaken palakrama.
Manawi sampun ngancik pukul 12 dalu, nuli katindakaken wilujengan maje­muk. Dhaharan kangge wilujengan ma­je­muk dumados saking ambengan sekul wuduk, ulam ayam lembaran sarta per­lengkapan sanesipun. Pimpinan pando­nga saking kaum sarta kinepung para kulawarga. Manawi sampun purna, am­be­ngan majemuk lajeng kabage kangge dhaharan para piyantun ingkang sami jagong.
Jaman rumiyin jagong midodareni ngantos sedalu natas, nanging sapunika sampun boten makaten malih. Ing ja­man sapunika, padatanipun adicara ja­gong midodareni kawontenanipun sa­nget regeng, para rencanging calon pe­nganten kakung lan putri kathah ingkang sami dhateng. Dene pasegahan kasegah­aken miturut kawontenan, sarta kapun­dhut praktisipun kemawon.

Akad Nikah
Sawatawis wekdal saderengipun akad nikah kaleksanan, calon penganten kakung wiwit ngagem busana panganten ingkang dipun ayahi mirunggan dening juru paes penganten kakung. Tatacara paes penganten punika minangka ancer-ancer paes penganten kados ing jaman rumiyin. Ing pangajeng-ajeng, punapa ingkang rumiyin sampun nate dipun­lampahi dening para leluwur, sageda minangka pathokan sarta dados panger­tosan ing mrika-mriki.
Cakipun: Calon penganten kakung nga­gem busana basahan, dumados saking kampuh banguntulak, ukup renda pethak (moga pethak), clana pethak ti­nepi ing renda pethak, kuluk mathak pethak, sarira ngaliga kaborehan atal, ngumbar konca (konca dipunampil in glare), kalung ulur-ulur (jaman rumiyin kadamel saking salaka utawi saking su­wasa), dhuwung warangka ladrang/bra­ngah mawi kolong keris, pendhok suwa­sa utawi salaka, ngagem selop. Miturut kapitayan kina, calon penganten ingkang badhe nikah, boten kepareng ngagem rerenggan saking emas utawi inten bar­le­yan.
Ing wekdal ingkang sampun tinamtu, calon penganten kakung kapangkataken saking pondhokan tumuju griyanipun calon penganten putri, kairing sawatawis kulawarga, wonten lare patah kalih ingkang mbekta lopak-lopak. Calon pe­nganten kakung lumampah kanthi ka­songsongan. Konca kampuh kacepengan sa­weneh lare. Sasampunipun dumugi dalemipun calon penganten putri, tumuli katuntun lumebet pendhapa.
Calon Penganten Kakung badhe ngayahi akad-nikah
Calon Penganten Kakung badhe ngayahi akad-nikah
Calon penganten kakung sarta pangiringipun taksih jumeneng. Upacara srah-srahan calon penganten kakung kapurwakan kanthi aturipun pinisepuh saking calon penganten kakung, maka­ten: “Kula minangka wakilipun ba­pak/ibu A(nyebat nama tiyang sepuh­ipun calon penganten kakung) masrah­a­ken calon penganten jaler ingkang nami B (nyebat nami calon penganten kakung)”. Cekap makaten.
Nanging manawi wonten wekdalipun, saged katambah reroncening tembung ingkang sae-sae ingkang tundhonipun mahanani ing suwasana khusuk sarta tidhem premanem. Menggah jawaban saking wakil panganten putri: “Inggih sampun kula tampi anak kula calon penganten jaler pun B” (nyebat nami calon penganten kakung).
Sasampunipun upacara pasrahan, calon penganten kakung kepareng lenggah kanthi mangadhep mangilen, wali lenggah mangadhep mangidul, pengulu (petugas KUA) mangadhep mangetan, modin (Bageyan Agama Kalu­rahan) mangadhep mangaler, pinisepuh saking calon penganten kakung lenggah caket calon penganten kakung, pinisepuh saking calon penganten putri lenggah angapit wali.
Papan palenggahan calon penganten kakung kalemekan ron (apa-apa, kara, maja, dhadhapsrep, alang-alang), ka­tumpangan sawernaning sembet (letrek, jingga, banguntulak, sindur liwatan, sembagi, slendhang lurik puluhwatu, sinjang yuyu sakadhang, mayang sekar), tuwin klasa bangka ingkang kaseret abrit mubeng. Ujuring klasa bangka kedah mangilen. Sajenipun: jajan pasar pepak, jenang abang putih, jenang baro-baro, tumpeng panggang, ayam gesang. Sa­da­ya winadhahan tampa enggal, kalu­ruban sindur, namung ayamipun kaseleh lan katangsulan ing ngandhap.
Sanggan panganten nikah, dumadi pisang ayu satangkep ingkang cacahing uleran jangkep, suruh ayu, kembang telon tigang warni, kisi kapas, uwos, lawe wenang satukel, pangilon, jungkat, suri, menyan madu setengah kati, lisah sundhul langit sacepuk, asem kuning kalih grigeh, tindhih arta suwang sapra­pat. Sadaya winadhahan bokor ageng dipunkantheni cikal sajodho, lajeng tinata ing meja dados satunggal kalihan sajen ningkah.
Manawi sampun jangkep sadaya, wali (bapa penganten putri) lajeng ngandika: “Kyai Pengulu kula angre­saya jengandika, kula aturi ning­kah­aken anak kula estri nama pun C (nyebat nama calon penganten putri) kalihan B (nyebat nami calon penganten kakung), kalihan maskawin awujud… (sumangga punapa ingkang dipunka­jeng­aken). Manawi jaman rumiyin mas­kawin punika kawujudaken arta ageng­ipun F.5 (limang rupiah jaman Walandi).
Upacara punika katindakaken dening pengulu ingga cekap. Salajengipun, pengulu lajeng maos donga. Sasampun­ipun cekap, penganten kakung kawajiba­ken tapak asta ing serat nikah. Sala­jengipun pengulu (petugas KUA) ma­srah­aken serat nikah kasebat dhumateng penganten kakung, kanthi sinartan we­jangan sacekapipun.
Salajengipun, panganten kakung maos serat prajanjen nikah damelan saking pemerintah (Kementrian Agama RI). Jaman rumiyin, serat prajanjen nikah kawastanan “Taklek Janji Dalem”. Padatanipun ugi wonten petuah/sesorah resmi saking KUA, ingkang sampun ngengingi bab gesang bebrayan salaki­rabi. Sasampunipun cekap, panganten kakung jabat asta kalihan pengulu saha sadaya ingkang sami lenggah. Manawi dereng kalajengaken kanthi upacara panggih, panganten kakung sapangiring­ipun saged kondur rumiyin ing pondhok­an sinambi ngrantos medaling pasu­gatan.
Ing upacara akad nikah, calon pa­nganten putrin boten kepareng ndherek, nanging cekap lenggah ing dalem ru­wangan lebet. Punika satrep kalihan sya­riat Islam. Nanging ing tatacara wekdal sapunika, panganten putri ugi kathah ingkang kawajibaken ndherek ing upa­cara akad nikah. Manawi upacara sam­pun purna, panganten putri lajeng mlebet malih ing griya ruwangan lebet. Ing upacara akad nikah punika, boten kathah tamu ingkang dipunaturi, kajawi para pinisepuh, tanggi-teplih, sarta kulawargi ingkang celak.
Ingkang kathah dumados ing jaman sapunika, sasampunipun akad nikah, tumunten kalajengaken upacara panggih panganten. Amargi kanthi cara makaten, boten patosa kathah karibetanipun, ugi kalangkung irit ing samudayanipun, tu­win enggal cekap kabetahanipun.
(Wonten Sambetipun)
Dijupuk saka:


1 komentar:

  1. casino - DrmCD
    If you want 창원 출장샵 to enjoy casino slots and win a share 세종특별자치 출장마사지 of your money, the best casino offers the 울산광역 출장샵 most realistic gambling 김포 출장안마 experience possible. Read our review and 광주 출장샵 learn the best

    BalasHapus