Sanggar Greget

Rabu, 07 Januari 2015

Layang

Layang (Surat)

Layang utawa nawala yaiku basa kang diaturake nganggo tulisan utawa salah sijining piranti komunikasi kang awujud tulisan. Sarana kanggo sesambungan antarane wong siji lan sijine ora mung layang wae, ananging isih ana akeh ing antarane telpon, telegram, HP, lan sapanunggalane.
Warna-warnane layang:
  • Layang biwara (surat kabar utawa surat laporan)
  • Layang Iber-iber (Layang Kiriman) yaiku layang kang isine aweh pawara, katrangan, pitutur lan pamrayoga, darbe panyuwun sawijining bab pandonga lan sapanunggalane saka wong enom marang wong tuwa utawa kosok baline.
    Manawa arep nggawe layang iber-iber saora-orane ngemot perangan kaya ing ngisot iki:
    a. Satata Basa : Alamat/ tujuane layang
    b. Adangiyah : salam pambuka
    c. Pambuka : nelakake kabar keslametan sing kirim lan pangarep-arep supaya sing dikirimi uga slamet d. Isi (surasa basa) : nelakake apa bae kang perlu dikabarake marang sing dikirimi
    e. Panutup (wasana basa): nelakake panjurung sing gegandhengan karo isining layang
    f. Titimangsa : nelakake kapan layang iku digawe
    g. Peprenah : nelakake prenahe sing kirim layang
    h. Tapak asma : tandha tangan sing kirim layang
    i. Asma terang : nelakake sapa sing kirim layang
  • Layang Dhawuh (surat perintah) yaiku layang sing isine ndawuhi marang andhahan. Tuladhane prentah marang andhahan kon nglakokake pegawean.
  • Layang Ulem (surat undangan) yaiku layang kang ngaturi rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane layang ulem nikahan, sepitan, utawa syukuran. Bab kang perlu digatekake nalika gawe layang ulem yaiku:
    a. Apa acarane/ duwe gawe apa
    b. Ing ngendi papane
    c. Sapa asmane kang diaturi
    d. Kapan wektune (dina, tanggal, lan jam)
    e. Sapa asmane sing ngaturi
    f. Sapa asmane kang melu ngaturi
    Perangane layang ulem kayata:
    a. Titi mangsa : nelakake wektu pengawening layang
    b. Adangiyah : nelakake unggah-ungguh sing nggawe layang/ salam pambuka
    c. Isi (surasa basa) : nelakake apa bae sing perlu dikabarake marang sing dikirimi
    d. Panutup (wasana basa): nelakake panjurung kang gegandhengan karo isining layang
    e. Peprenah : nelakake peprenahe sing ngirim layang
    f.  Asma terang : nelakake asmane sing kirim layang
    g. Katerangan : nelakake paraga kang melu ngarep-arep rawuhe tamu

    Tuladha:
     
    Nambut silaning akrami:
    Dra. NIKEN NASTITI
    KRT. Tedjaningrat
    Kaliyan
    Drs. MARYAN UTAMA
    Letkol Sumaryan
    Akad Nikah:
    Kemis Kliwon,
    14 Desember 2006
    Pukul 09.00 enjing,
    ing griya Jl. Madukismo 123
    Ngayogyakarta
     Ngayogyakarta, 1 Desember 2006
    Nuwun wiyosipun,
    Kula angantu-antu keparengipun rawuh panjenengan sekaliyan wonten ing wiwahan panggih/dhaupipun anak kula penganten kekalih, mbenjang ing:
    Dinten : Kemis Kliwon [malem Jumuah Legi
    Tanggal : 14 Desember 2006 [24 Dulkaidah Alip 1939]
    Pukul : 19.00 [pitu sonten]
    Papan : Pendhapi Budaya Mandhala Jl. Madukismo 75 Ngayogyakarta
    Wasana awit keparengipun rawuh lan berkah pangestu, kula matur nuwun sanget. Nuwun.

    Salam taklim,
    KRT. Tedjaningrat Kekalih

    yaiku layang sing isine ndawuhi marang andhahan. Tuladhane prentah marang andhahan kon nglakokake pegawean.

    Copy and WIN : http://bit.ly/copy_win
    yaiku layang kang ngaturi rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane layang ulem nikahan, sepitan, utawa syukuran.

    Copy and WIN : http://bit.ly/copy_win
    yaiku layang kang ngaturi rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane layang ulem nikahan, sepitan, utawa syukuran.

    Copy and WIN : http://bit.ly/copy_win
    yaiku layang kang ngaturi rawuh marang wong kang dikirimi layang. Upamane layang ulem nikahan, sepitan, utawa syukuran.

    Copy and WIN : http://bit.ly/copy_win
  • Layang Lelayu (surat kematian) yaiku layang kang isine ngabarake kesripahan marang sanak sedulur. Biasane layang lelayu iku kapacak ana ing layang-layang kabar kang abasa Jawa kayata: Mekar Sari, Jaya Baya, Djaka Lodang, lsp.
    Perangane layang lelayu:
    a. Purwaka
    b. Kabar Lelayu
    c. Wasana Basa
    d. Pengirim
    Tuladha:
    Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
    Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika dinten Ahad kliwon, 24 Desember 2006 (3 Besar alip 1939) pukul 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:
    KI MANGKUSASMITA
    (Yuswa 80 taun)
    Layon badhe kasarekaken ing makam Sitisuci, bidhal saking griya sungkawa Jeruksari Gang Megatruh 50, dinten Senen Legi 25 Desember 2006 pukul 14.00
    Ngayogyakarta, 24 Desember 2006
    Ingkang duhkita
    *Nyi Mangkusasmita (garwa)
    *Brayat Mangkutana, SH. (putra)
    *Brayat Mangkurati, SPd. (putra)
    *Brayat Sumargana (raka)
    *Brayat Parengkuan (rayi)
  • Layang Pribadi yaiku layang digunakake pribadhi marang pribadhi lan isine ngrembug perkara pribadhi utawa ora perkara kadinasan.
    Perangane gawe layang :
    1. SATATA BASA : Alamate layang bisa katulis pojok tengen utawa kiwa ing dhuwur.
    2. ADANGIYAH : Tembung pamuji rahayu upamane :
    a. Rinengga sugenging pakurmatan.
    b. Tansah winantu suka basuki.
    c. Katentreman lan karahayon
    d. Winantu ing bagya mulya.
    e. Sembah sungkem.
    3. PURWAKA : Nelakake kabar kaslametane kang kirim layang lan pangarep - arep supaya kang dikirimi uga slamet.
    4. SURASA BASA : Isine layang, kekarepane layang.
    5. WASANA BASA : Pungkasaning layang, tuladhane :
    a. Cukup semene dhisik liya wektu disambung maneh.
    6. TITI MANGSA : Nelakake wektu panulisaning layang.
    Parakan, 21 Agustus 2008
    7. PEPRENAH : Asale layang saka sapa tuladha :
    a. Saking ingkang putra
    b. Bapakmu ing omah
    c.Adhimu saka paran, lsp
    8. TAPAK ASMA / TANDHA ASMA : Tanda tangan kang gawe layang.
    9. ASMA TERANG : Asma terang sing gawe layang.

    Tuladha:
    Bapak saha Ibu Joko Surasa (1)
    Jln. Aip Mungkar Parakan
    Temanggung.
    Sembah sungkem, (2)
    Kanthi lumantaring serat punik, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula ing Semarang tansah ginajar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng gusti Allah SWT, mugi - mugi kawontenanipun Bapak sah Ibu ugi mekaten. amin. (3)
    Kajawi punika ingkang sepisan ingkang putra ngaturi priksa bilih kintunannipun arta sampun kula tampi rikal dinten minggu kapengkur. Arta punika sampun kula ginakaken kangge prabeya sekolah. Tirahanipun kangge nyekapi kabetahan wonten kos. Ingkang kaping kalih, kula ngaturi priksa bilih sekedhap malih badhe tes semesteran. Pramila kula nyuwun tambahing berkah pangestu mugi - mugi kula saged nglampahi tes semesteran punika kanthi biji ingkang sae, amin. (4)
    Ing wusana cekap semanten rumiyen serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih. menawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Bapak saha Ibu, kula nyuwun lumunturing samudra pangaksami. (5)
    (6) Semarang, 26 Nopember 2008
    (7) Saking ingkang putra
    (8)
                                                                                     (9) Hadi Prawira
  • Layang Kitir  (surat singkat) yaiku layang sasuwek kang surasane cekak aos. Kang ditulis ana ing layang kitir mung apa kang perlune wae.
    Tuladha:
                                                                                                    Kanggo Adhiku Retno Budiani
                                                                                                    Ing Purwokerto

                 Nuwun Dhiku, aku njaluk tulung sesuk tanggal 30 September 2012 aku dipethuk ing termunal Purwokerto jam 04.00 WIB. Kangmasmu arep bali.

                                                                                                    Jakarta, 15 September 2012
                                                                                                    Kangmasmu Budi Santoso
  • Layang Dhines yaiku layang kang isine bab kang magepokan karo pamarentah, dikirimake saka kantor-kantor pamarentah marang kantor-kantor liyane utawa marang wong kang ana sesambungane karo pamarentah.
  • lan sapanunggalanĂ©.                                                                                             

 Dijupuk saka:
a. http://agussiswoyo.net/seni-sastra-budaya/werna-layang-kiriman-lan-perangane-layang/
b. http://kangsura.blogspot.com/2009/01/layang-pribadhi.html
c. http://jv.wikipedia.org/wiki/Layang
d. http://ilalang2senja.blogspot.com/2012/11/jinisi-jinising-layang.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar