XIII
GIRISA
1
Anak putu
denestokna, warah wuruke si bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke
wong tuwa, ing lair batin den bisa, anganggo wuruking bapa, ing tyas den
padha santosa, teguheno jroning nala.
2
Aja na
kurang panrima, ing papasthening sarira, yen saking Hyang Mahamulya,
nitahken ing badanira, lawan dipun awas uga, asor luhur waras lara,
tanapi begja cilaka, urip tanapi antaka.
3
Iku saking
ing Hyang Suksma, miwah ta ing umurira, kang cendhak lawan kang dawa, wus
pinesthi mring Hyang Suksma, duraka yen maidoa, miwah kuranga panrima,
ing lohkilmahfule kana, tulisane pan wis ana.
4
Yogya padha
kawruhana, sisikune badanira, ya marang Hyang Mahamurba, kang misesa
marang sira,yen sira durung uninga, prayoga atatakona, mring kang padha
wruh ing makna, iku kang para ngulama.
5
Kang wis
wruh rahsaning kitab, darapon sira weruha, wajib mokaling Hyang Suksma,
miwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta ing tata-krama,
sarengat dipunwaspada, batal karam takokena.
6
Sunat lan
perlu punika, prabot kanggo saben dina, iku kaki dipun padha, terang ing
pitakonira, lan aja bosen jagongan, marang kang para ngulama, miwah uwong
kang sampurna, pangawruhe mring Hyang Suksma.
7
Miwah patrap
tata-krama, ing tindak-tanduk myang basa, kang tumiba marang nistha,
tuwin kang tumibeng madya, tanapi tibeng utama, iku sira takokena,ya
marang wong kang sujana, miwah ing wong tuwa-tuwa.
8
Kang padha
bisa micara, tuwin ingkang ulah sastra, iku pantes takonana, bisa
madhangken tyasira, karana ujaring sastra utama teka carita, ingkang
kinarya gondhelan, amurukken mring wong mudha.
9
Lawan sok
karepa maca, sabarang layang carita, aja anampik mring layang, carita
kang kuna-kuna, layang babad kawruhana, caritane luhurira, darapon sira
weruha, lalakone wong prawira.
10
Miwah
lalakon nalika, kang para Wali sadaya, kang padha oleh nugraha, asale
saking punapa, miwah kang para satriya, kang digdaya ing ayuda, lakune sira
tirua, lalabetan kang utama.
11
Nora susah
amirungga, mungguh lakuning satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha
lan kang utama, kang asor kang luhur padha, miwah lakuning nagara, pan
kabeh aneng carita, ala becik sira wruha.
12
Yen durung
mangarti sira, caritane takokena, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha
wruh ing carita, iku ingkang dadi uga, mundhak kapinteranira, nanging ta
dipunelingan, sabarang kang kapiyarsa.
13
Aja na tiru
si bapa, banget tuna bodho mudha, kethul tan duwe grahita, katungkul
mangan anendra, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa, marang ing
pitutur yogya, kabeh padha anyakepa.
14
Ing
sawewekasing bapa, muga ta kalakonana, kabeh padha mituruta,
panedhaningsun mring Suksma, lanang wadon salameta, manggiha suka
raharja, ing dunya miwan akhirat, dinohna ing lara roga.
15
Umure padha
dawaa, padha atut aruntuta, marang sadulure padha, padha sugiha barana,
tanapi sugiha putra, pepaka jalu wanodya, kalawan maninge aja, nganti
kapegatan tresna.
16
Padha uga
denpracaya, aja sumelang ing nala, kabeh pitutur punika, mapan wahyuning
Hyang Suksma, dhawuh mring sira sadaya, jalarane saking bapa, Hyang
Suksma paring nugraha, marang anak ingsun padha.
17
Den bisa
nampani padha, mungguh sasmitaning Suksma, ingkang dhawuh maring sira,
wineruhken becik ala, anyegah karepanira, marang panggawe kang ala, kang
tumiba siya-siya, iku paparing Hyang Suksma.
18
Paring
peling marang sira, tinuduhaken ing marga, kang bener kang kanggo uga,
ing donya ingkang sampurna, mugi anak putu padha, kenaa dadi tuladha,
kabecikaning manungsa, tinirua ing sujanma.
19
Sakehing
wong kapengina, aniru ing solah bawa, marang anak putu padha, anggepe
wedi asiha, kinalulutan ing bala, kedhepa parantahira, tulusa mukti
wibawa, ing satedhak-turunira.
20
Didohna
saking duraka, winantua ing nugraha, sakeh anak putu padha, ingkang
ngimanaken uga, marang pituturing bapa, Allah kang nyembadanana, ing
padonganingsun iya, ing tyas ingsun wus rumasa.
21
Wak ingsun
upama surya, lingsir kulon wayahira, pedhak mring surupe uga, atebih
maring timbulnya, pira lawase neng donya, ing kauripaning janma, mangsa
nganti satus warsa, iya umuring manungsa.
22
Mulane sun
muruk marang, kabeh ing atmajaningwang, sun tulis sun wehi tembang,
darapon padha rahaba, enggone padha amaca, sarta ngrasakken carita, aja
bosan den apalna, ing rina wengi elinga.
23
Lan mugi
padha tirua, kaya luluhure padha, sudira betah atapa, sarta waskitha ing
nala, ing kasampurnaning gesang, kang patitis nora mamang, iku ta
panedhaningwang, muga padha kalakona.
24
Titi tamat
kang carita, serat wewaler mring putra, kang yasa serat punika, nenggih
Kangjeng Susuhanan, Pakubuwana kaping pat, ing galih panedyanira, kang
amaca kang miyarsa, yen lali muga elinga.
25
Telasing
panuratira, sasi Besar ping sangalas, Akad Kaliwon tahun Dal, tata guna
swareng nata (1735), mangsastha windu Sancaya, wuku Sungsang kang atampa,
ya Allah kang luwih wikan, obah osiking kawula.
Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar