VII
DURMA
1
Dipunsami
ambanting sariranira, cegah dhahar
lan guling, darapon sudaa, nepsu kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadi sabarang, karsanira lestari.
2
Ing
pangawruh lair batin aja mamang, yen
sira wus udani, ing sariranira, yen ana kang amurba, misesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.
3
Bener luput
ala becik lawan begja, cilaka mapan
saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, pramila denngati-ati, sakeh durgama, singgahana den eling.
4
Mapan ana
sesiku telung prakara, nanging gedhe
pribadi, pan iki lirira, ingkang telung prakara, aja anggunggung sireki, kalawan aja, nacad kapati-pati.
5
Lawan aja
mamaoni barang karya, thik-ithik
mamaoni, samubarang polah, tan kena wong kumlebat, ing mangsa mengko puniki, mapan wus lumrah, padha wasis maoni.
6
Mung tindake
dhewe nora winaonan, ngrasa bener
pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya, pesthine ingaran sisip, iku kang lumrah, nganggo bener pribadi.
7
Nora nana
panggawe kang luwih gampang, kaya
wong memaoni, sira ling-elinga, aja
sugih waonan, den samya raharjeng
budi, ingkang prayoga, singa-singa kang lali.
8
Ingkang
eling angelingena ya marang, sanak
kanca kang lali, den nedya raharja, mangkana tindakira, yen datan kaduga uwis, teka menenga, aja sok angrasani.
9
Nemu dosa
anyela sapadha-padha, dene wong
ngalem ugi, yen durung tetela, ing beciking manungsa, aja age nggunggung kaki, menek tan nyata, dadi cirinireki.
10
Dene ingkang
kaprah ing mangsa samangkya, yen ana
den senengi, ing pangalemira, pan
kongsi pandirangan, matane kongsi
mandelik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
11
Aja ngalem
aja mada lamun bisa, yen uga jaman
mangkin, iya samubarang, yen ora sinenengan, den poyok kapati-kati, nora prasaja, sabarang kang denpikir.
12
Ngandhut
rukun becik ngarepan kewala, ing wuri
angrasani, ingkang ora-ora, kabeh
kang rinasan, ala becik denrasani,
tan parah-parah, wirangronge gumanti.
Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar