V
MASKUMAMBANG
1
Nadyan silih
bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik,
nora pantes yen den nuta.
2
Apan kaya
mangkono watekan iki, sanadyan wong tuwa, yen duwe watek tan becik,
miwah tindak tan prayoga.
3
Aja sira
niru tindak kang tan becik, nadyan ta
wong liya, lamun pamuruke becik, miwah tindake prayoga.
4
Iku pantes
sira tirua ta kaki , miwah bapa biyang, kang muruk watek kang becik,
iku kaki estokena.
5
Wong tan
manut pitutur wong tuwa ugi, anemu duraka, ing dunya tumekeng akir,
tan wurung kasurang-surang.
6
Maratani ing
anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja na kang kumawani, ing bapa
tanapi biyang.
7
Ana uga
etang-etangane kaki, lilima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah
lilima punika.
8
Ingkang
dhingin rama ibu kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kang kaping
tri, ya marang sadulur tuwa.
9
Kaping pate
ya marang guru sayekti, sembah kaping lima, ya marang Gustinireki,
parincine kawruhana.
10
Pramilane
rama ibu denbekteni, kinarya jalaran, anane badan puniki, wineruhken
padhang hawa.
11
Uripira
pinter samubarange kardi, saking ibu rama, ing batin saking Hyang Widhi, mulane wajib sinembah.
12
Pan
kinarsakaken ing Hyang kang linuwih, kinarya lantaran, ana ing dunya
puniki, weruh ing becik lan ala.
13
Saking ibu
rama margane udani, mila maratuwa, lanang wadon den bekteni, aweh rasa
ingkang nyata.
14
Sajatine
rasa kang mencarken wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi,
milane sadulur tuwa.
15
Pan sinembah
gegentine bapa iki, pan sirnaning bapa, sadulur tuwa gumanti, ingkang
pantes sira nuta.
16
Ing sawarah
wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping pat, ya marang guru sayekti, marmane guru sinembah.
17
Kang atuduh
marang sampurnaning urip, tumekeng antaka, madhangken petenging ati,
ambenerken marga mulya.
18
Wong duraka
ing guru abot pribadi, pramila prayoga, mintaa sih siyang ratri, ywa
nganti suda sihira.
19
Kaping lima
dununge sembah puniki, mring gusti kang murba, ing pati kalawan urip,
miwah sandhang lawan pangan.
20
Wong neng
dunya wajib manuta ing gusti, lawan dipun awas, sapratingkah dipunesthi, aja dupeh wus awirya.
21
Nora beda
putra santana wong cilik, yen padha ngawula, pan kabeh namaning abdi,
yen dosa ukume padha.
22
Yen rumangsa
putra santana sireki, dadine tyasira, angediraken sireki, tan wurung
anemu papa.
23
Ngungasaken
yen putra santaneng aji, iku kaki aja, wong suwita nora keni, kudu wruh
ing karyanira.
24
Yen tinuduh
marang sang mahanarpati, sabarang tuduhnya, iku estokena ugi,
karyanira sumngkemana.
25
Aja mengeng
ing parentah sang siniwi, den pethel aseba, aja malincur ing kardi,
aja ngepluk asungkanan.
26
Luwih ala
alaning jalma ngaurip, wong ngepluk sungkanan, tan patut ngawuleng aji, angengera sapa-sapa.
27
Amilua ing
bapa biyung pribadi, kalamun sungkanan, datan wurung densrengeni,
milawanana pinala.
28
Mapan kaya
mangkono ngawuleng gusti, kalamun leleda, tan wurung manggih bilai,
ing wuri aja ngresula.
29
Pan kinarya
dhewe bilainireki, lamun tinemenan, sabarang karsaning gusti, lair
batin tan suminggah.
30
Mapan ratu
tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kakasih,
amung bener agemira.
31
Kukum adil
adat waton kang den esthi, mulane ta padha, den rumeksa marang gusti,
endi lire wong rumeksa.
32
Dipun gemi
nastiti angati-ati, gemi mring kagungan, ing gusti ywa sira wani,
anggagampang lawan aja.
33
Wani-wani
nuturken wadining Gusti, den bisa arawat ing wawadi sang siniwi, nastiti
barang parentah.
34
Ngati-ati ing
rina miwah ing wengi, ing rumeksanira, lan nyadhang karsaning gusti,
dudukwuluhe atampa.
Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar