TEMBANG GEDHE
Tembang gedhe ing zaman saiki iku satemene niru tembang gedhe kuna kang aran kakawin, yaiku kang kaiket wewaton :
– Guru wilangan,
– Guru lagu, yaiku abot enthenging suara utawa dawa cendheking wanda.
Rehning ing jaman saiki umpamane wis padha ora ngerti abot enthenging suara apa dene dawa cendheking wanda, pandhapuking tembang gedhe mung nganggo wewaton :
– Cacahing wanda ing dalem sapada pala/sagatra kang diarani laku.
Tembang gedhe iku sapada ana patang gatra, utawa patang pada pala. Cacahing wanda pada pala siji lan sijine padha. Lire, yen pada pala kapisan ana pitu wanda, pada pala kapindho, katelu lan kang kaping papat uga mitung wanda. Cacahing wanda saben sapada pala iku diarani laku.
Tembang gedhe iku akeh kang kanggo mbawa gendhing utawa kanggo sulukan. Cacahing tembang gedhe luwih akeh katimbang tembang macapat lan tembang tengahan.

Dene tuladha tembang Gedhe kaya ing ngisor iki.
a. Kusumastuti k. Banjaransari
b. Pamularsih l. Tepikawuri
c. Maduretna m. Bremarakrasa
d. Lebdajiwa n. Kuswarini
e. Kusumawicitra o. Sarapada
f. Sudiradraka p. Tebukasol
g. Basanta q. Madayanti
h. Manggalagita r. Sudirawicitra
i. Sikarini s. Meraknguwun
j. Nagabanda t. Candrakusuma
Dijupuk saka:
a. http://jawasma1kra.wordpress.com/
b. Lestari, Endang Dwi.2009.Kawruh Sapala Basa.Klaten:Intan Pariwara
matur nuwun
BalasHapusMatur sewu sembah nuwun paringbpiterang saking panjenengan awit nyatanipun senajan kulo puniko jawi asli sampun tebih sanget saking banagan kabudayan ingkang adiluhung puniko . Kairing salam taklim kulo pun sudigdo adi
BalasHapusgunane tembang gedhe?
BalasHapus