TEMBANG DOLANAN
Tembang dolanan yaiku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong dhing. Nanging, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Timur,
utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan
bisa dibarengi wiramaning gendhing. Ing jaman biyen tembang-tembang dolanan iku ditembangake bebarengan nalika bengi padhang mbulan. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah
dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetantudran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Tuladha tembang dolanan:
Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré
Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
dipanah ngisor gelagah
ana manuk konde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate
mbok sirbombbrok, mbok si kate
mbok sirbombbrok, mbok si kate
dipanah ngisor gelagah
ana manuk konde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate
mbok sirbombbrok, mbok si kate
mbok sirbombbrok, mbok si kate
Gundhul Pacul
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
Gundhul gundhul pacul cul, gembèlengan
nyunggi nyunggi wakul kul, gembèlengan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
wakul ngglimpang, segané dadi sak ratan
Jaranan
jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher
Kidang Talun
Kidang talun
mangan kacang, talun
mil kethemil, mil kethemil
si kidang mangan lembayung
mangan kacang, talun
mil kethemil, mil kethemil
si kidang mangan lembayung
Gajah belang
duwe anak, belang
nuk renggunuk, nuk renggunuk
duwe anak, belang
nuk renggunuk, nuk renggunuk
Pitik Tukung
Aku duwe pitik, pitik tukungsaben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol
tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu
Cublak-cublak suweng
Cublak cublak suweng
Suwenge ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong lera-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir sir pong dhelé kopong
Sir sir pong dhelé kopong
Lir ilir
Lir ilir, lir ilir,
tanduré wus sumilir
tak ijo royo-royo
tak sengguh temantèn anyar
Cah angon, cah angon,
pènèkno blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo pènèken
kanggo mbasuh dodotiro
dodotiro, dodotiro,
kumitir bedhah ing pinggir
Dondomono jlumatono
kanggo séba mengko soré
mumpung padhang rembulané,
mumpung jembar kalangané.
yo surak o surak hiyo.
Maknanipun pada setunggal inggih punika : Minangka tiyang Islam ampun
ngantos kesed anggenipun nuwuhaken iman dhumateng Allah ingkang
kagambaraken kanthi tetanduran ingkang tuwuh sae. Tiyang Islam punika
kedah nuwuhaken tetanduran kala wau ngantos ageng satemah pikantuk
karaharjan saha saged minulya kados raharjaning penganten enggal.tanduré wus sumilir
tak ijo royo-royo
tak sengguh temantèn anyar
Cah angon, cah angon,
pènèkno blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo pènèken
kanggo mbasuh dodotiro
dodotiro, dodotiro,
kumitir bedhah ing pinggir
Dondomono jlumatono
kanggo séba mengko soré
mumpung padhang rembulané,
mumpung jembar kalangané.
yo surak o surak hiyo.
Gajah-gajah
Gajah, gajah, mréné tak kandhani jah
mripat kaya laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlale
mripat kaya laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlale
buntut cilik, tansah kopat-kapit
sikil kaya bumbung
mung mlakumu mégal mègol
Gambang Suling mung mlakumu mégal mègol
Gambang suling, kumandhang swarané
thulat thulit, kepénak uniné
uuuuniné mung
nreyuhaké ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangané
Menthog Menthog:
Menthok, menthok, tak kandhani
mung rupamu, angisin-isini
mbok yo ojo ngetok, ono kandhang waé
enak-enak ngorok, ora nyambut gawé
menthok, menthok ... mung lakukumu megal megol gawé guyu
Jamuran
Jamuran ya gégé thok
Jamur apa ya gégé thok
Jamur gajih mbejijih sa ara-ara
Sira mbadhé jamur apa
Kupu kuwi
Kupu kuwi dak incupé
Mung aburmu ngèwuhaké
Ngalor ngidul ngétan bali ngulon
Mrana-mréné mung saparan-paran
Sapa bisa ngincupaké
Mentas ménclok cegreg
Nuli mabur bleber
Suwé Ora Jamu:
Suwé ora jamu
jamu godhong tela
suwé ora ketemu
temu pisan gawé gela
Dijupuk saka:
a. http://jv.wikipedia.org/wiki/Tembang_dolanan
b. http://mawardeimam.blogspot.com/2011/09/tembang-dolanan-jawa.html
c. Lestari, Endang Dwi.2009.Kawruh Sapala Basa.Klaten:Intan Pariwara
Tidak ada komentar:
Posting Komentar