X
MIJIL
1
Poma kaki
padha dipuneling, ing pitutur ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, ruruh sarwa wasis, samubarangipun.
2
Lan den
nedya prawira ing batin, nanging aja
katon, sasabana yen durung mangsane,
kekendelan aja wani mingkis,
wiweka ing batin, den samar
den semu.
3
Lan densami
mantep maring becik, lan ta wekas
ingong, aja kurang iya panrimane, yen wus tinitah maring Hyang Widhi, ing badan puniki, wus papancenipun.
4
Ana wong
narima wus titahing, Hyang pan dadi
awon, lan ana wong tan nrima titahe, ing wekasan iku dadi becik, kawruhana ugi, aja salang surup.
5
Yen wong
bodho kang tan nedya ugi, tatakon
titiron, anarima ing titah bodhone, iku wong narima nora becik, dene ingkang becik, wong narima iku.
6
Kaya upamane
wong angabdi, amagang sang katong, lawas-lawas katekan sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah saliyane, ing tyase panuju.
7
Nuli narima
terusing batin, tan mengeng ing
katong, tan rumasa ing kanikmatane, sihing gusti tekeng anak rabi, wong narima becik, kang mangkono iku.
8
Nanging
arang ing mangsa samangkin, kang kaya
mangkono, kang wis kaprah iya
salawase, yen wis ana linggihe
sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.
9
Pangrasane
duweke pribadi, sabarang kang kanggo, nora eling ing mula-mulane, witing sugih sangkaning amukti, panrimaning ati, kaya nggone nemu.
10
Tan rumasa
murahing Hyang Widhi, jalaran sang
katong, ing jaman mengko iya mulane, arang turun wong lumakweng kardi, tyase tan saririh, kasusu ing angkuh.
11
Arang kang
sedya amales ing sih, ing gusti sang
katong, lawan kabeh iku ing batine, tan anedya narima ing Widhi, iku
wong kang tan wrin, ing nikmat
ranipun.
12
Wong kang
tan narima dadi becik, titahing Hyang
Manon, iki uga iya ta rupane, kaya wong kang angupaya ngelmi, lan wong sedya ugi, kapinteran iku.
13
Uwis pinter
nanging iku maksih, nggonira
ngupados, ing undhake ya kapinterane, utawa unggahing kawruh yekti, durung marem batin, lamun durung tutug.
14
Ing
pangrawuh ingkang densenengi, kang
wus sem ing batos, miwah ing
kapinteran wus dene, ing samubarang
pakarya uwis, nora nganggo lali, kabeh wus kawengku.
15
Yen wong
kang kurang narima ugi, iku luwih
awon, barang-gawe aja age-age, anganggoa sabar lawan ririh, dadi barang-kardi, resik tur rahayu.
16
Lan maninge
babo den pakeling, ing pitutur
ingong, sira uga padha ngempek-empek, iya marang kang jumeneng aji, lair ing myang batin, den ngrasa kawengku.
17
Kang
jumeneng iku kang mbawani, wus karsaning Manon, wajib padha wedi lan
bektine, aja mampang parentahing aji, nadyan anom ugi, lamun dadi ratu.
18
Nora kena
iya denwaoni, parentahing katong, dhasar ratu bener parentahe, kaya priye nggonira sumingkir, yen tan
anglakoni, pesthi tan rahayu.
19
Nanging
kaprah ing mangsa puniki, anggepe
angrengkoh, tan rumasa lamun
ngempek-empek, ing batine datan nedya
eling, kamuktene iki, ngendi sangkanipun.
20
Yen elinga
jalarane mukti, pesthine tan
ngrengkoh, saking batin durung
ngrasakake, ing pitutur ingkang
dhingin-dhingin, dhasar tan praduli, wuruking wong sepuh.
21
Ing dadine
barang tindak iki, arang ingkang
tanggon, saking durung ana
landhesane, nganggo ing karsanira
pribadi, ngawag barang kardi, dadi tanpa dhapur.
22
Mulane ta
wekas ingsun iki, den kerep tatakon, aja isin ngatokaken bodhone, saking bodho witing pinter ugi, mung Nabi kakasih, pinter tan winuruk.
23
Sabakdane
pan tan ana ugi, pintere tatakon, mapan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ngelmi, dadya pikukuh.
24
Ing driyanira dadi tatali, ing tyas dimen adoh, sakehing ati kang ala kiye, nadyan lali ya pan nuli eling, yen wong kang wus ngelmi, kang banget tuwajuh.
25
Kacek uga
lan kang tanpa ngelmi, sabarange
kaot, dene ngelmu iku ingkang kangge, sadinane gurokna kariyin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu.
26
Ngelmu
sarengat puniku dadi, wawadhah kang
yektos, kawruh tetelu kawengku
kabeh, pan sarengat kanggo lair batin,
mulane den sami, brangtaa ing ngelmu.
Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar