Sanggar Greget

Minggu, 11 Januari 2015

Unggah ungguh basa

UNGGAH-UNGGUH BASA

Unggah-ungguh basa menika pranatan basa miturut lenggahing tata krama utawi sopan santun. Tegesipun sinten kemawon tiyang ingkang kawastanan mangertos unggah-ungguh basa, menawi nalikanipun gineman utawi srawung dhateng tiyang sanes basanipun kedah dipun arah-arah, netepi pranataning subasita, paugeran sopan santun, satemah tiyang wau tansah dipuntampi, dipunremeni ing pasrawungan sarta tebih saking panyendu.
Bab-Bab Ingkang Gayut Kaliyan Unggah-Ungguh Basa
Tiyang ingkang saged tansah caos kurmat dhateng tiyang sanes, sarta mapanaken dhiri-pribadhinipun, pramila salebeting gineman utawi sesambetan kaliyan tiyang sanes kedah tansah ngengeti:
  1. Umur/yuswa
Lare alit kedah asung kurmat dhateng ingkang langkung ageng, ingkang enem kurmat dhateng ingkang sepuh.
  1. Peprenahan
Peprenahan ing pasedherekan/trah/awu. Ingkang akleres enem kedah ngurmati ingkang kaleres sepuh, sinaosa ing bab yuswa langkung sepuh. Anak kurmat dhateng bapak/simbok, adhi kurmat dhateng kakang/mbakyu, anak keponakan kurmat dhateng pak lik/pak dhe lsp.
  1. Drajat/Pangkat
Kalenggahan (kedudukan) tiyang menawi drajat/pangkatipun andhap kedah caos kurmat dhateng ingkang kalenggahanipun inggil. Upami pedamel kaliyan panginggilipun, rakyat kaliyan lurahipun, warganing pakempalan kurmat dhumateng sesepuhipun, lsp.
  1. Kasugihan
Tiyang ingkang gadhah arta-bandha kathah utawi sugih wajib dipunkurmati dening tiyang ingkang mlarat. Tiyang ingkang pasitenipun wiyar, mesthinipun ugi dipun kurmati dening tiyang ingkang sitinipun ciyut. Senaosa kasebat ing nginggil boten lepat saking watak sarta bebudenipun tiyang ingkang sugih wau. Jer sedaya wau wangsul kaliyan ungel-ungelan ajining dhiri saka lathi, ajining sarira saka busana.
  1. Luhuring Bebuden
Tiyang ingkang gadhah bebuden luhur langkung inggil mesthinipun langkung kinurmatan tinimbang ingkang boten. Upami: pimpinan agama (ulama); gadhah titel (Dr., Drs.lsp); ahli seni (seniman); ahli budaya (budayawan), lsp.
  1. Keturunan
Anak turunipun tiyang ingkang gadhah kaluhuran kados kasebat ing nomer 5, badhe langkung dipunkurmati katimbang anak turunanipun tiyang umumipun.
  1. Pitepangan Enggal
Tiyang srawung menika menawi sampun kulina ketimbang ingkang saweg tepang enggal mesthi raos kurmatipun beda. Langkung kurmat dhateng ingkang saweg pitepangan enggal. Pramila panganggenipun unggah-ungguh langkung dipungatosaken.

Unggah-ungguh basa, wujudipun undha-usuk basa inggih menika:
Basa ngoko (dhapukanipun tembung ngoko sadaya) Tembung-tembung ing ukara  basa ngoko lugu kuwi kabeh ngoko kayata: aku, kowe: ater-ater: dak-, kok-, di-; uga panambang : -ku, -mu, -ake, ora diowahi. Gunane basa ngoko lugu:
  • Basa ngoko alus (dhapukanipun tembung ngoko kacampur krama/krama inggil)
  • Basa krama (dhapukanipun tembung krama )
  • Basa krama alus (dhapukanipun tembung krama kacampur krama inggil)
Trap-Trapanipun Basa
  • Trap-trapanipun basa ngoko:
a)       Kangge tiyang sepuh dhateng putranipun/tiyang enem;
b)       Kangge sesami kanca ingkang sampun rumaket pasrawunganipun;
c)       Pangageng dhateng reh-rehanipun;
d)       Guru dhateng siswanipun.
e)       dianggo wektu ngunandika (ngomong karo awake dhewe)
  • Trap-trapanipun basa ngoko alus
a)       Tiyang sepuh dhateng tiyang enem, ingkang langkung enen langkung inggil pangkatipun.
b)       Kangge ngraosi tiyang sanes ingkang statusipun langkung inggil
c)       Tiyang ingkang rumaket srawungipun, ananging sami dene kepingin ngajeni.
  • Trap-trapanipun basa krama
a)       Tiyang gineman ing peken
b)       Tiyang sami pinanggih ing margi
  • Trap-trapanipun basa krama alus
a)       Anak dhateng tiyang sepuh, utawi tiyang ingkang langkung sepuh;
b)       Siswa dhateng guru
c)       Pitepangan enggal;
d)       Punggawa utawi reh-rehan dhateng penginggilipun;
e)       Anggota pakempalan dhateng ketuanipun.

 Dijupuk saka:
https://ngleluribasajawa.wordpress.com/2011/05/21/modul-basa-jawa-xi-semester-1/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar