Sanggar Greget

Jumat, 09 Januari 2015

Sesorah

SESORAH

Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana yakuwi njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara. 
1. Menehi Hiburan. Pidhato jinis iki ditindakaké ana ing acara pahargyan. Déné tujuané yakuwi supaya acara iku bisa sumringah lan meriah. Pemicara mung ngandharaké babagan kang gawé seneng lan bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket.
2. Menéhi Kawruh. Pidhato iki isiné ngandharake babagan kang sacetha-cethané, supaya pamireng mangerti. Pemicara bisa nganggo conto, mbandingaké, nerangaké, lan liya- liyané kang kabéh mau gunané kanggo njelasaké marang pemirengé.
3. Ajak- ajak. Pemicara ngandharaké alesan, bukti, lan conto supaya pamirengé gelem nindakaké kaya apa kang dikarepaké pemicara. Pidhato iki umumé jinis pidhato kampanye arep pemilhan umum.

Kaanan Pidato

 1. Kaanan Resmi. Kanggo kaanan resmi, lumrahé pamicara maca naskah kang wis disiapaké supaya ora salah anggoné pidhato lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pemicara ora bisa ngandharaké pidhatoné sakarepé dhewe amarga wektune wis diatur.
2. Kaanan Setengah Resmi. Pemicarané bisa ngandharaké pidathoné rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekaké.
3. Kaanan Ora Resmi. Pemicara bisa ngandharaké pidhatoné miturut tujuan utawa pemirengé.
4. Kaanan Liya- liyane. Sakliyané kaanan kang wis kaandhraké iku, isih ana kaanan kang uga duweni pengaruh marang cara ngandharake pidhato, yaiku pemirenge lungguh apa ngadeg, wektune esuk apa awan, anggone pidhato dewe apa karo wong liya. Contone, yen pemirenge ngadeg pidhatone kanthi singkt bae.
Methode utawa teknike wong pidhato utawa sesorah ana :
  • methode maca teks
  • methode apalan
  • methode ekstemporan
  • methode impromptu

Bab kang digatekake supaya nalika sesorah hasile kanthi becik
  • BASA
    basa kang digunakake kudu pas karo sing di adhepi, dadi gampang di mangerteni.
  • BUSANA
    menawa sesorah prayoga migunakake busana kang becik lan sopan
  • SWARA
    Swara wong kang lagi sesorah kuwi aja keseron lan aja kelirihen, lafal lan vokale kudu jelas.
  • SOLAH BAWA / SIKAP
    Solah bawane kudu manteb lan teteg, madhep marang pamirsa, tangane ngapurancang, aja kendhengaken lan aja kendhingkluken
  • EKSPRESI
    Penjiwaa pidhato perlu ana gerakan perangane awak, praupane, mesem lan ngguyu manut kahanan.
 Wong sesorah kudu urut lan sistematis ,urutan-urutane sesorah kaya ing ngisor iki :
  • salam pambuka
  • atur pakurmatan
  • atur puji syukur marang Gusti Alloh
  • atur panuwun marang para tamu
  • surasa
  • pangarep-arep
  • atur pangapura
  • salam panutup

    Tuladha
     
    PENGETAN DINTEN PENDIDIKAN NASIONAL


    Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
    Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

    Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

    Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.

    Pangetan dinten pendidikan nasional sanget tumrap kula panjenengan sadaya. K.H Dewantara,pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa pendidikan wonten negara indonesia.

    ing pengetan hari pendidikan punika sumgga kita sedaya tansah eling marang jasanipun bapak pendidikan nasional yaiku bapak kh. deawantara, amargi jasa-jasa nipun kita sedaya saged lumampah lan sekolah, mugi-mugi pendidikan wonten negara kita tansah maju,lan saged tumindak beccik amargi pendidikan ingkang sae 

    Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah siswa-siswi ingkang saged kiprah kadi lan pemerus bangsai. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.

    Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang, sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Kh dewantara ingkang luhur punika

    Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.
     
    Dijupuk saka:
    a. http://jv.wikipedia.org/wiki/Sesorah
    b. http://fian-desagner.blogspot.com/2014/03/sesorah-pengertian.html
    c. http://santyka27.blogspot.com/2014/01/sesorah-bahasa-jawa.html
    d. Lestari, Endang Dwi.2009.Kawruh Sapala Basa.Klaten:Intan Pariwara

Tidak ada komentar:

Posting Komentar