Sanggar Greget

Sabtu, 10 Januari 2015

Pranata Adicara

PRANATA ADICARA

Pranatacara ingkang asring disebat Master Of Ceremony ( MC ), pambiwara, pranata adicara, pranata titilaksana, pambyawara, utawi pranata laksitaning adicara, inggih punika satunggiling paraga ingkang nggadhahi jejibahan nglantaraken titilaksana ing satunggiling upacara adat temanten, kesripahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengaosan, pentas (show) lan sapiturutipun. Upaminipun wonten ing tata upacara adat temanten Jawi pranatacara kajibah nglantaraken titi laksitaning adicara ijab, pawiwahan lan panghargyan, sanadyan mekaten adicara ijab kadhang kala madeg piyambak boten kagarba kaliyan adicara pawiwahan lan panghargyan temanten. Ing upacara kasripahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon. Anggenipun dados pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkang wonten ing tata cara pranata adicara. Pranata adicara kedah nggatosaken punapa ingkan dipunwastani 4W, kang isinupun : Wiraga, Wicara, Wirasa, Wirama.
Murih jejibahan bisa kasil kanthi becik, pranatacara lan  pamedhar sabda kudu bisa ngrengkuh sarat sarana kang baku yaiku :
a.      Swara
Swara pinangka srana babaraning basa kudu kaudi supaya ulem, kung, dekung,                                           membat  mentul, kepenak dirungokake. Kedaling swara (metune swara) : tuladha ngeja abjad Jawa.
tuladha : rasa-rasane, utama-utamane, manis –manise, pendeng, rendheng, petel-pethel, lsp. Lagu (wirama) : Nyakup sora-lirih, dawa -cendheking swara, membat mentul, rikat-rindhik, lan lak-luking swara.. Lagu kang becik tumrape basa Jawa dirani dhekung
b.      Busana / Ageman
Ajining raga gumantung busana, mula babagan busana iku uga kudu digladhi murih jejibahan kang diemban  bisa kaleksanan kanthi becik  Pranatacara lan pamedhar sabda kudu bisa ngadi busana kang bener lan pener, murwat, laras karo kahanan utawa kaperluwane ana ing upacara ,  rapi,  lan tumata panatane.
Ana  ing babagan busana ( ageman ) iku , Suhunan Pakowboewana IV paring pangandikan marang para sentana lan krabat Kasunanan Surakarta mangkene :
“ Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesen panganggonira, trapna traping panganggon, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan..”
c.       Subasita
Trapsila utawa tatakrama uga kudu kagladhi kang becik , amarga trapsila kang kurang becik bisa ngurangi kawibawan jejering pranatacara lan pamedhar sabda. Solah bawa aja digawe-gawe becik prasaja wae, anteng mantep nanging ora kaku. 
Owah-owahan pasemon uga kudu kaudi supaya kabeh mau bisa nggambarake isining ati, kang tundhone jumbuh karo swasana.
d.      Basa lan sastra
       Basa kang digunakake pranatacara lan pamedhar sabda diudi sing bener, pener,
       becik,
       endah, lan gampang  ditampa utawa komunikatif. Basa kang becik yaiku basa kang
       trep  panganggone. Supaya trep kudu ngeling:
·         Sapa sing guneman
·         Sapa sing tumanggap wawan gunem/audiens
·         Sapa /apa sing digunem
·         Kepriye swasanane (wektu, papan, kahanan)
Dene kawruh kasusastran tumrap kang kepengin nggayuh  pranatacara lan pamedhar sabda kang gamben lan profesional nyakup: pepindhan, panyandra, wangsalan, parikan, tembang,    purwakanthi    Pewayangan, kawruh karawitan/gendhing-gendhing upacara manten, lsp.
Cengkorongan Baku Wicara Pranatacara
a.       Pambuka
·       Salam pambuka
·       Sapa aruh marang tamu
·       Muji syukur mring Pangeran
b.    Maosake rantamaning adicara
c.     Nyuwun gungan supaya tamu kersa njenengi adicara saka purwa, madya tumeka wasana
d.    Ngaturake lan mandhegani  adicara siji mbaka siji kanthi wijang
e.     Panutup
·         Nyuwun pangapura yen ana cewed lan luput anggone ngacarani (kalebu nyuwunake pangapura sing hamengku gati/ panitya)
·         Nderekake ndedonga panutup
·         Salam panutup
Dijupuk saka:
a. http://jawadw.blogspot.com/2014/01/kawruh-sesorah.html
b. http://jv.wikipedia.org/wiki/Pranatacara
c. https://kidemangsodron78.wordpress.com/pranatacara/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar