VIII
WIRANGRONG
1
Densamya
marsudeng budi, wiweka dipunwaspaos, aja dumeh dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan pantes prenahira.
2
Kudu golek
mangsa ugi, panggonan lamun miraos, lawan aja age sira muwus, dununge den kesthi, aja age kawedal, yen durung pantes rowangnya.
3
Rowang
sapocapan ugi, kang pantes ngajak
calathon, aja sok metua wong calathu, ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.
4
Tan pantes
akeh ngawruhi, mulane lamun miraos, dipun ngarah-arah ywa kabanjur, yen sampun kawijil, tan kena tinututan, mulane dipun prayitna.
5
Lan maninge
wong ngaurip, aja ngakehken supaos, iku kagwe reged badanipun, nanging mangsa mangkin, tan na etung prakara, supata ginawe dinan.
6
Den padha
gemi ing lathi, aja ngakehken
pipisoh, cacah-cucah srengen
ngabul-abul, lamun andukani, den dumeling dosanya, mring abdi kang manggih duka.
7
Lawan padha
den pakeling, teguhena lair batos, aja ngalap randhaning sadulur, sanak miwah abdi, kanca rewang
sapangan, miwah maring pasanakan.
8
Gawe salah
grahitani, ing liyan kang sami anon, nadya lilaa lananganipun, kang angrungu elik, ing batin tan pitaya, mangsa kuranga wanodya.
9
Tan wurung
dipuncireni, ing batin ingaran rusoh, akeh jaga-jaga jroning kalbu, arang ngandel batin, ing tyase padha suda, pangendele mring bandara.
10
Ana cacad
agung malih, anglangkungi saking awon, apan sakawan iku kenipun, dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.
11
Kaping
sekawane ugi, wong ati sudagar awon, mapan suka sugih watekipun, ing rina lan wengi, mung bathine den etang, alumuh lamun kalonga.
12
Iku upamane
ugi, duwe dhuwit pitung bagor, mapan nora marem ing tyasipun, ilanga sadhuwut, gegetun patang warsa, padha lan ilang saleksa.
13
Wong ati
sudagar ugi, sabarang prakara tamboh, amung yen ana wong teka iku, anggagawe ugi, gagadhen pan tumranggal, ulate teka sumringah.
14
Dene wong
durjana ugi, nora nana kang denbatos, rina wengi amung kang denetung,
duweke lyan nenggih, dahat datan
prayoga, kalamun watek durjana.
15
Dene bobotoh
puniki, sabarang pakaryon emoh, lawan kathah linyok para padu, yen pawitan enting, tan wurung anggagampang, ya marang darbeking sanak.
16
Nadyan
wasiyating kaki, nora wurung
dipunedol, lamun menang endang gawe
angkuh, pan kaya bupati, weweh tan ngarah-arah, punika awoning bangsat.
17
Kabutuh
pisan mamaling, tinitenan saya awon, apan boten wonten panedipun,
pramilane sami, sadaya nyinggahana, anggugulang ngabotohan.
18
Dene ta wong
kang madati, kesede kaamoran lumoh, amung ingkang dadi senengipun, ngadhep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang, sarwi leyangan bedudan.
19
Yen leren
nyeret adhidhis, netrane pan merem
karo, yen wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut wedi toya, lambe biru untu pethak.
20
Beteke
satron lan gambir, jambe suruh arang
wawoh, ambegane sarwi melar-mingkus, watuke anggigil, jalagra aneng dhadha, tan wurung ngestob bolira.
21
Yen mati
nganggo ndalinding, suprandene nora
kapok, iku padha singgahana patut, aja na nglakoni, wong mangan apyun ala, uripe dadi tontonan.
22
Iku kabeh
nora becik, aja na wani anganggo, panggawe patang prakara iku, den padha pakeling, aja na wani nerak, kang nerak tan manggih arja.
23
Lawan ana
waler malih, aja sok anggung kawuron, nginum sajeng tanpa mangsa iku,
endi lire ugi, angombe saben dina, pan iku wateke ala.
24
Kalamun wung
wuru ugi, ilang prayitnaning batos, nora ajeg barang pikiripun, elinge ing ati, pan baliyar-baliyar, endi ta ing becikira.
25
Lan aja
karem sireki, ing wanodya ingkang
awon, lan aja mbuka wadi sireku, ngarsaning pawestri, tan wurung nuli corah, pan wis lumrahing wanita.
26
Tan bisa
simpen wawadi, saking rupeke ing
batos, pan wus pinanci dening Hyang Agung,
nitahken pawestri, apan iku
kinarya, ganjaran marang wong priya.
27
Kabeh den
padha nastiti, marang pitutur kang
yektos, aja dumeh tutur tanpa dhapur, yen bakale becik, den anggo weh munfangat, kaya pucung lan
kaluwak.
Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar