II
KINANTHI
1
Padha
gulangen ing kalbu, ing sasmita amrip lantip, aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kesthi, pesunen sarinira,
sudanen dhahar lan guling.
2
Dadia
lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lan aja sukan-sukan, anganggoa
sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.
3
Yen wis
tinitah wong agung, aja sira nggunggung dhiri, aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak, satemah anunulari.
4
Nadyan asor
wijilipun, yen kalakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi
misil, iku pantes raketana, darapin mundhak kang budi.
5
Yen wong
anom pan wis tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh
bangsat, datan wurung bisa juti, yen kang ngadhep keh durjana, nora
wurung bisa maling.
6
Sanajan ta
nora milu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe
ala puniki, sok weruha nuli bisa, yeku panuntuning eblis.
7
Panggawe
becik puniku, gampang yen wus den lakoni, angel yen durung kalakyan,
arasa-arasen nglakoni, tur iku den lakonana, mupangati badaneki.
8
Lan wong
anom-anom iku, kang kanggo ing mangsa iki, andhap-asor dipun simpar,
umbag gumunggung ing dhiri, obral umuk kang den gulang, kumenthus lawan
kumaki.
9
Sapa sira
sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lalabete uga, nonoman adoh wong
becik, emoh angrungu carita, carita ala lan becik.
10
Carita pan
wus kalaku, panggawe ala lan becik, tindak bener lan kang ora, kalebu jro
cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh den kawruhi.
11
Mulane wong
anom iku, becik ingkang ataberi, jajagongan lan wong wong tuwa, ingkang
sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
12
Ingkang
becik kojahipun, sira anggoa kang pasthi, ingkang ala singgahana, aja
sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing mangsa puniki.
13
Akeh wong
kang sugih wuwus, nanging den sampar
pakolih, amung badane priyangga, kang den pakolihken ugi, panastene kang den umbar, tan na nganggo sawatawis.
14
Aja na wong bisa
tutur, ngemungna ingsun pribadi, aja na kang amamadha, angrasa pinter pribadi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipun pareki.
15
Sikokna den
kaya asu, yen wong kang mangkono
ugi, dahwen open nora layak, yen sira sandhingan linggih, nora wurung katularan, becik singkarana ugi.
16
Poma-poma
wekasingsun, mring kang maca layang
iki, lahir batin den estokna, saunine layang iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lahir prapta ing batin.
Dijupuk saka:
http://bukuj.blogspot.com/2014/04/mengurai-nasihat-filsafat-kehidupan.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar