Adat Tatacara Panganten Jawi ing Surakarta SahaNgayogyakarta
Midodareni

Penganten Jawa-Muslim ing Bantul
Manawi upacara panggih penganten kirang satunggal dalu, kawastanan midodareni. Padatanipun kulawarga calon penganten putri atur ulem kagem sawatawis tamu ingkang dumadi saking kulawarga caket sarta tangga-tepalih, supados njagong midodareni. Jaman saderengipun taun 1960-an, manawi jagong midodareni boten kapareng ngendika sawatawis sora utawi gegojegan sarta gumujeng ngantos lakak-lakak. Para lenggah namung sami kendel utawi ngeningaken cipta, nyuwun dhumateng Pangeran Ingkang Maha Kuwaos amrih upacara nikah sarta panggih ing dinten benjing saged lumampah sae, wilujeng, boten manggih pepalang satunggal punapa. Manawi ngandika inggih kedah namung bisik-bisik kemawon.
Pasugatan ingkang kasegahaken jaman rumiyin inggih punika: dhadharan gorengan utawi dhadharan keleman, kadosta jadah, wajik, nagasari, mendut, meniran, criping pisang, pisang kepok goreng, rengginang, dhahar sekul jangan gudhangan mawi tigan, sarta unjukan. Pasugatan kasebat, miturut dongengipun nuladha natkala Jaka Tarub kalihan Dewi Nawangwulan nindakaken palakrama.
Manawi sampun ngancik pukul 12 dalu, nuli katindakaken wilujengan majemuk. Dhaharan kangge wilujengan majemuk dumados saking ambengan sekul wuduk, ulam ayam lembaran sarta perlengkapan sanesipun. Pimpinan pandonga saking kaum sarta kinepung para kulawarga. Manawi sampun purna, ambengan majemuk lajeng kabage kangge dhaharan para piyantun ingkang sami jagong.
Jaman rumiyin jagong midodareni ngantos sedalu natas, nanging sapunika sampun boten makaten malih. Ing jaman sapunika, padatanipun adicara jagong midodareni kawontenanipun sanget regeng, para rencanging calon penganten kakung lan putri kathah ingkang sami dhateng. Dene pasegahan kasegahaken miturut kawontenan, sarta kapundhut praktisipun kemawon.
Akad Nikah
Sawatawis wekdal saderengipun akad nikah kaleksanan, calon penganten kakung wiwit ngagem busana panganten ingkang dipun ayahi mirunggan dening juru paes penganten kakung. Tatacara paes penganten punika minangka ancer-ancer paes penganten kados ing jaman rumiyin. Ing pangajeng-ajeng, punapa ingkang rumiyin sampun nate dipunlampahi dening para leluwur, sageda minangka pathokan sarta dados pangertosan ing mrika-mriki.
Cakipun: Calon penganten kakung ngagem busana basahan, dumados saking kampuh banguntulak, ukup renda pethak (moga pethak), clana pethak tinepi ing renda pethak, kuluk mathak pethak, sarira ngaliga kaborehan atal, ngumbar konca (konca dipunampil in glare), kalung ulur-ulur (jaman rumiyin kadamel saking salaka utawi saking suwasa), dhuwung warangka ladrang/brangah mawi kolong keris, pendhok suwasa utawi salaka, ngagem selop. Miturut kapitayan kina, calon penganten ingkang badhe nikah, boten kepareng ngagem rerenggan saking emas utawi inten barleyan.
Ing wekdal ingkang sampun tinamtu, calon penganten kakung kapangkataken saking pondhokan tumuju griyanipun calon penganten putri, kairing sawatawis kulawarga, wonten lare patah kalih ingkang mbekta lopak-lopak. Calon penganten kakung lumampah kanthi kasongsongan. Konca kampuh kacepengan saweneh lare. Sasampunipun dumugi dalemipun calon penganten putri, tumuli katuntun lumebet pendhapa.

Calon Penganten Kakung badhe ngayahi akad-nikah
Calon penganten kakung sarta pangiringipun taksih jumeneng. Upacara srah-srahan calon penganten kakung kapurwakan kanthi aturipun pinisepuh saking calon penganten kakung, makaten: “Kula minangka wakilipun bapak/ibu A(nyebat nama tiyang sepuhipun calon penganten kakung) masrahaken calon penganten jaler ingkang nami B (nyebat nami calon penganten kakung)”. Cekap makaten.
Nanging manawi wonten wekdalipun, saged katambah reroncening tembung ingkang sae-sae ingkang tundhonipun mahanani ing suwasana khusuk sarta tidhem premanem. Menggah jawaban saking wakil panganten putri: “Inggih sampun kula tampi anak kula calon penganten jaler pun B” (nyebat nami calon penganten kakung).
Sasampunipun upacara pasrahan, calon penganten kakung kepareng lenggah kanthi mangadhep mangilen, wali lenggah mangadhep mangidul, pengulu (petugas KUA) mangadhep mangetan, modin (Bageyan Agama Kalurahan) mangadhep mangaler, pinisepuh saking calon penganten kakung lenggah caket calon penganten kakung, pinisepuh saking calon penganten putri lenggah angapit wali.
Papan palenggahan calon penganten kakung kalemekan ron (apa-apa, kara, maja, dhadhapsrep, alang-alang), katumpangan sawernaning sembet (letrek, jingga, banguntulak, sindur liwatan, sembagi, slendhang lurik puluhwatu, sinjang yuyu sakadhang, mayang sekar), tuwin klasa bangka ingkang kaseret abrit mubeng. Ujuring klasa bangka kedah mangilen. Sajenipun: jajan pasar pepak, jenang abang putih, jenang baro-baro, tumpeng panggang, ayam gesang. Sadaya winadhahan tampa enggal, kaluruban sindur, namung ayamipun kaseleh lan katangsulan ing ngandhap.
Sanggan panganten nikah, dumadi pisang ayu satangkep ingkang cacahing uleran jangkep, suruh ayu, kembang telon tigang warni, kisi kapas, uwos, lawe wenang satukel, pangilon, jungkat, suri, menyan madu setengah kati, lisah sundhul langit sacepuk, asem kuning kalih grigeh, tindhih arta suwang saprapat. Sadaya winadhahan bokor ageng dipunkantheni cikal sajodho, lajeng tinata ing meja dados satunggal kalihan sajen ningkah.
Manawi sampun jangkep sadaya, wali (bapa penganten putri) lajeng ngandika: “Kyai Pengulu kula angresaya jengandika, kula aturi ningkahaken anak kula estri nama pun C (nyebat nama calon penganten putri) kalihan B (nyebat nami calon penganten kakung), kalihan maskawin awujud… (sumangga punapa ingkang dipunkajengaken). Manawi jaman rumiyin maskawin punika kawujudaken arta agengipun F.5 (limang rupiah jaman Walandi).
Upacara punika katindakaken dening pengulu ingga cekap. Salajengipun, pengulu lajeng maos donga. Sasampunipun cekap, penganten kakung kawajibaken tapak asta ing serat nikah. Salajengipun pengulu (petugas KUA) masrahaken serat nikah kasebat dhumateng penganten kakung, kanthi sinartan wejangan sacekapipun.
Salajengipun, panganten kakung maos serat prajanjen nikah damelan saking pemerintah (Kementrian Agama RI). Jaman rumiyin, serat prajanjen nikah kawastanan “Taklek Janji Dalem”. Padatanipun ugi wonten petuah/sesorah resmi saking KUA, ingkang sampun ngengingi bab gesang bebrayan salakirabi. Sasampunipun cekap, panganten kakung jabat asta kalihan pengulu saha sadaya ingkang sami lenggah. Manawi dereng kalajengaken kanthi upacara panggih, panganten kakung sapangiringipun saged kondur rumiyin ing pondhokan sinambi ngrantos medaling pasugatan.
Ing upacara akad nikah, calon panganten putrin boten kepareng ndherek, nanging cekap lenggah ing dalem ruwangan lebet. Punika satrep kalihan syariat Islam. Nanging ing tatacara wekdal sapunika, panganten putri ugi kathah ingkang kawajibaken ndherek ing upacara akad nikah. Manawi upacara sampun purna, panganten putri lajeng mlebet malih ing griya ruwangan lebet. Ing upacara akad nikah punika, boten kathah tamu ingkang dipunaturi, kajawi para pinisepuh, tanggi-teplih, sarta kulawargi ingkang celak.
Ingkang kathah dumados ing jaman sapunika, sasampunipun akad nikah, tumunten kalajengaken upacara panggih panganten. Amargi kanthi cara makaten, boten patosa kathah karibetanipun, ugi kalangkung irit ing samudayanipun, tuwin enggal cekap kabetahanipun.
(Wonten Sambetipun)
Dijupuk saka: