PARIBASAN
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase). Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Tuladha :
a. Becik ketitik ala ketara.
Tegese : becik lan ala bakal ketara ing tembe burine.
b. Gayuk-gayuk tuna.
Tegese : samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
c. Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
Tegese : kerukunan ndadekake kasantosan, congkrah ndadekake karusakan.
d. Anak catur mungkur
Tegese : ora gelem ngrungokake rerasaning liyan kang ora prayoga.
e. Keplok ora tombok
Tegese : melu seneng-seneng, nanging ora melu ngetokake wragad.
f. Blaba wuda
Tegese : merga seneng banget lomane, nganti awake dhewe nandhang kacingkrangan.

Sumber saka ing :
a. http://sastra-jawa007.blogspot.com/2010/01/paribasan-bebasan-saloka.html
b. http://3jawakers.wordpress.com/2014/01/15/bebasan-paribasan-lan-saloka/
c. http://www.kelasjawa.com/2014/03/paribasan-bebasan-lan-saloka.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar