GEGURITAN
Geguritan iku salah sawijine kasusastran Jawa Modern kang wujude persis kaya puisi ing kasusatran Indonesia, mung bahasane wae kang beda. Geguritan ora kaiket dening aturan-aturan tartamtu, nanging nduweni kebebasan kaya ing ngisor iki :
1. Cacahe gatra (baris) saben pada (bait) ora tentu. Bisa akeh lan bisa sethithik, malah ana kang mung sagatra utawa rong gatra.
2. Cacahe pada uga ora ana aturane.
3. Cacahe wanda (suku kata) saben gatra uga ora ana aturane.
4. Ora kudu migunakake purwakanthi, nanging manawa migunakake uga tambah apik.
5. Basane luwih ringkes lan padhet.
6. Tembung-tembunge duwe teges kang mentes.
7. Kadang kala nganggo tembung sanepa utawa tembung ora salugune (kata simbolik).
Geguritan diperang dadi rong warna, yaiku geguritan gagrak lawas lan geguritan gagrak anyar. Geguritan gagrak lawas wujude tembang kang kaiket dening paugeran tartamtu. Dene geguritan gagrak anyar wujude arupa puisi modern sing sipate bebas, ora kaiket dening paugeran babar pisan. Geguritan utawa guritan duwe kaluwihan ing wujud lan basane kanggo nyuntak (mengapresiasikan) daya pamikir lan pangrasa
(imajinasi) katandhing karo karya sastra awujud gancar (prosa).
(imajinasi) katandhing karo karya sastra awujud gancar (prosa).
Unsur kang kakandhut ing geguritan yaiku unsur intrinsik. Kang kagolong unsur intrinsik ing geguritan yaiku :
1. Tema
Mujudake gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit. Tuladha tema
yaiku: Ketuhanan, kemanusiaan, patriotisme, demokrasi lan tema keadilan
sosial. Sawijining geguritan terkadhang ngandhut kabeh tema mau, jalaran
geguritan pancen linuwih ing makna.
2. Citraan
Gambaran angen angen utawa imajinasi panganggit kang kalairake liwat
indra. Gambaran angen angen iku ana kalane kasil liwat indra pandeleng,
indra pangrungu, indra pangecap, indra pangrasa, lan indra pangganda.
3. Diksi
Pilihan tembung uga diarani Diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep,
panganggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung
tembung kang digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane
(denotatif), tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere
(konotatif), gambaran utawa pralambang.
4. Gaya Bahasa
Liwat asil karyane panganggit uga kepingin ngandharake rasa pangrasane.
Kanggo nggayuh pepinginan kasebut, panganggit mbudidaya kanthi milih
tembung tembung kang dironce saengga mujudake ukara kang ngandhut
lelewaning basa utawa lumrah diarani gaya bahasa.
Tuladha lelewaning bahasa utawa gaya bahasa:
a. Personifikasi
Gaya bahasa personifikasi mujudake tumindake samubabrag kadidene
manungsa, bisa ngrasakake bungah utawa seneng, gumuyu, lumake,
gegojegan, lan sapanunggalane.
b. Metafora
gaya bahasa metafora, minangka srana tumaping panganggit kanggo
mbudidaya supaya para maos kanthi gamblang anggone mbayangake gegambaran
kang kinandhut ing sajroning geguritan. Mbandingake sawijining barang
marang barang liyane kang nduweni sifat padha.
c. Repetisi
gaya bahasa repetisi digunakake dening panganggit nalika kepingin
njelasake maksud ing sajroning geguritan, kanthi mbolan mbaleni tembung.
5. Latar
Latar kanggo ngambarake panggonan, wektu, lan kahanan kang bisa narik kawigaten kang maca utawa ngrungokake geguritan.
Kanggo mangerteni isi kang kinandhut ing sajroning geguritan, kita kudu tlaten olehe maca. Mula saka iku, supaya ora salah anggone negesi lan gampang anggone mengerteni isine geguritaan, becike nggatekake bab-ba ing ngisor iki :
1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.
2.
Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel
(jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg
wewehana tanda (//).
3. Golekna
teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus dieling eling,
menawa tembung tembung sajarone geguritan bisa duwe teges lugu, entar,
bisa uga lambang utawa gegambaran.
4. Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang dimangerteni.
Maca utawa maragakake geguritan luwih dhisik kudu mangerteni wose isi geguritan kasebut. Bab kasebut bisa diupaya kanthi cara maca bola-bali sinambi negesi tetembungan sing ngemu teges pepindhan utawa konotatif. Supaya pamacane geguritan krasa nges lan trep kudu migatekake bab-bab kaya ing ngisor iki :
1. Cendhek dhuwure swara (intonasi).
2. Dawa cendhake swara utawa cekak lanture (ritme).
3. Tumuruntun lan mandhege ukara utawa tetembungan (jeda).
4. Owah gingsire pasuryan lan obahe awak (mimik lan pantomimik).
Nulis geguritan iku sejatine meh padaha karo nulis fiksi. Dene bab-bab kang kudu digatekake manawa arep nulis geguritan, kaya ing ngisor iki :
1. Nemtoake tema geguritan.
2. Menehi judul.
3. Milih tembung lang ukara sing mentes.
4. Golek lan ngrakit ukara kang ana bobote susastra.
5. Konsentrasi kang serius kanggo nglancarake daya imajinasi.
6. Diwaca bola- bali lan ditliti maneh endi sing kurang trep.
2. Menehi judul.
3. Milih tembung lang ukara sing mentes.
4. Golek lan ngrakit ukara kang ana bobote susastra.
5. Konsentrasi kang serius kanggo nglancarake daya imajinasi.
6. Diwaca bola- bali lan ditliti maneh endi sing kurang trep.
Dijupuk saka ing :
a. Lestari, Endang Dwi.2009.Kawruh Spala Basa.Klaten: Intan Pariwara
b. http://ilmudariozi.blogspot.com/2010/04/geguritan.html
c. http://www.febrian.web.id/2014/06/unsur-unsur-geguritan-dalam-bahasa-jawa.html
d. http://comp-indo.blogspot.com/2014/06/pengertian-geguritanpuisi-dalam-bahasa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar