Sanggar Greget

Jumat, 12 Desember 2014

Cangkriman

 CANGKRIMAN

Cangkriman yaiku unen-unen utawa tetembung kang kudu dibatang utawa di bedhek maksude. Cangkriman uga di arani badhekan utawa batangan. Cangkriman umumé kanggo gégojégan. Ana uga cangkriman kang digawé sayembara ing lakon wayang. Cangkriman ana werna-werna, yaiku: cangkriman wancahan, pepindhan, blèndèran (plèsèdan, lan tembang.

Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku:
  • cangkriman kang awujud tembung wancahan.
  • cangkriman kang awujud pepindhan utawa irib-iribing barang.
  • cangkriman kang ngemu surasa blenderan
  • cangkriman tembang                                                                                                  
  Cangkriman Wancahan
  Wancah iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana.
  Tuladha:
  •   kabaketan = nangka tiba nang suketan.
  •   pakboletus = tapak kebo ana léléné satus.
  •   burnaskopen = bubur panas kokopen.
  •   wiwawité, lesbadongé = uwi dawa uwité, tales amba godongé
  •   yumaerong = yuyu omahé ngerong
  •   suru bregitu = asu turu di bregi watu
  •   pakboletus = tepak kebo lelene satus
 Cangkriman Pepindhan
 Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané.
 Tuladha :
  • Sega sakepel dirubung tinggi : salak
  • Pitik walik saba kebon : nanas
  • Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong : kates
  • Pitik walik saba meja : sulak, kemoceng
  • Emboke di elus elus anak di idak idak : andha
  • Gajah nguntal sakrah : pawon
  • Kebo bule cancang merang : buntil 
  • Wit adhikih woh adhakah : waloh.
  • Wit adhakah woh adhikih : ringin.
 Cangkriman Blèndèran
 Cangkriman blèndèran utawa plesedan iki cangkriman iki sejatiné ukara pranyatan kang  bisa gawé bingung yèn macané salah.
 Tuladha :
  • Wong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
  • Wong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
  • Ndhuwur kencrengan, ngisor jedhoran = wong ngunduh kambil
  • Wetenge keroncongan = wetenge wis luwe
  • Disuguhi opak angin = ora disuguhi apa-apa
 Cangkriman Tembang
 Cangkriman iki rinakit arupa tembang.
 Tuladha :
       
          Bapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring.
          Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)
Bapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun)

 Dijupuk saka ing:
 a. http://jv.wikipedia.org/wiki/Cangkriman
 b. http://www.kelasjawa.com/2014/03/cangkriman.html
 c, http://ki-tapunya.blogspot.com/2013/11/cangkriman-bahasa-jawa.html
       
 
 
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar