Sanggar Greget

Senin, 01 Desember 2014

Budaya Jawa


MITONI


           Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
           Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
          Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
         Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep. Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.

 
Tata Carane

Ma­sa­ra­kat Ja­wa tan­sah ora uwal sa­ka ta­ta­ca­ra adat tra­dhi­si. Apa ma­neh kang ge­ga­yut­an ka­ro sang­kan pa­ra­ning ma­nung­sa. Wi­wit ma­nung­sa ana nje­ro kan­dhu­tan ngan­ti ma­nung­sa su­rut ing ka­se­ban ja­ti, tan­sah di­iring kan­thi adat tra­dhi­si kang di­ge­lar ing wa­yah tar­tam­tu.
De­ne ta­ta­ca­ra lan upa­ca­ra tra­dhi­si kang di­ge­lar na­li­ka sa­wi­ji­ning wa­ni­ta la­gi ngan­dhut du­we pa­nga­jab su­pa­ya ibu lan anak utawa wiji dadi kang di­kan­dhut tan­sah wi­lu­jeng nir sam­bi­ka­la. Pa­nga­jab li­ya­ne, ba­yi kang di­lai­ra­ke mbe­su­ke bi­sa an­tuk ka­beg­jan uri­pe.
Ma­ne­ka ta­ta­ca­ra di­la­ko­ni na­li­ka kan­dhu­tan wi­wit umur te­lung sa­si ana wi­lu­je­ngan ut­awa se­la­me­tan ni­gang wu­la­ni, pe­tang sa­si, li­mang sa­si, enem sa­si, pi­tung sa­si kang di­se­but mi­to­ni, sar­ta sang­ang sa­si kang di­se­but pro­cot­an.
Upa­ca­ra mi­to­ni ut­awa wi­lu­je­ngan pi­tung wu­lan­an iki lum­ra­he ngang­go uba­ram­pe kang di­se­dhi­ya­ni de­ning ku­la­war­ga wa­ni­ta kang nem­be ngan­dhut. Uba­ram­pe sla­me­tan nglim­pu­ti se­kul ja­ngan­an, je­nang ab­rit, je­nang ba­ro-ba­ro, ja­jan pa­sar lan sri­yat­an kang gi­na­we sa­ka wi­jen, dhe­le, ka­cang kang ka­gang­sa ing gen­dhis. Sa­li­ya­ne iku uga ceng­ka­ruk tim­bal, pe­nyon, pring sa­dha­pur lan tum­peng rob­yong kang aru­pa tum­peng di­cem­plung­ake ing ce­thing, di­we­ne­hi iwak ke­bo lan en­dhog god­hog, ge­reh, kru­puk. Uba­ram­pe li­ya­ne awu­jud ja­ngan­an men­tah ka­ya­ta lom­bok, te­rong, ja­ngan­an lan sa­we­ta­ra ji­nis kem­bang-kem­bang­an. Tum­peng ja­ngan­an di­ga­we ca­cah pi­tu di­jang­ke­pi pi­tung iji apem con­thong.
Jro­ning upa­ca­ra mi­to­ni iku uga ana ta­ta­ca­ra gan­tos pe­ngang­gen ngan­tos ka­ping pi­tu kang sa­ban­ju­re di­se­but ting­ke­ban. Upa­ca­ra ting­ke­ban iki di­lek­sa­na­ka­ke na­li­ka tang­gal gan­jil tan­pa ngli­wa­ti pur­na­ma (sa­du­ru­nge tang­gal 15, upam­ane tang­gal 3, 5, 7, 9, 11, 13 lan 15).

Ta­ta Ca­ra Si­ram­an
    
Ta­ta car­ane si­ram­an, ing pa­pan kang wus di­tem­to­ka­ke di­ce­pa­ka­ke jem­bang­an wa­dhah ba­nyu kang wus di­we­ne­hi kem­bang se­tam­an. Ba­nyu kang wus di­we­ne­hi kem­bang se­tam­an ku­wi di­ang­go si­ram­an wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut.
Upa­ca­ra si­ram­an dhe­we di­lek­sa­na­ka­ke wan­ci jam 11.00 WIB amar­ga di­pra­ca­ya pa­ra hap­sa­ri uga tu­mu­run sa­ka ka­yang­an sap­re­lu arep adus. De­ne kang mim­pin si­ram­an ya­ku­wi dhu­kun, de­ne kang nyi­ram wa­ni­ta kang ngan­dhut yai­ku pa­ra pi­ni­se­puh put­ri kang ca­ca­he pi­tu ut­awa sang­ang wong. Cid­huk ba­nyu kang di­ang­go ku­du sa­ka ba­thok ut­awa si­wur.
Pa­pan kang­go lung­gu­he wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut iku aru­pa dhing­klik ci­lik kang di­lam­bari god­hong apa-apa, sa­li­ya­ne itu uga god­hong klu­wih, ka­ra, ma­ja, dha­dhap se­rep, alang-alang, kla­sa men­dhong, dhing­klik uga di­lam­bari ka­in war­na-war­na, con­to­ne sin­dur, ja­rit kan­thi mo­tif yu­yu se­kan­dhang.
Pa­dus­an kak­ro­bong ut­awa di­tu­tup ngang­go ka­in ja­rit mo­tif rang­ra­ngan ut­awa cin­dhe. Pa­dus­an iki ana ing la­tar si­sih ki­wa ut­awa te­ngen omah kan­thi la­wang nga­dhep nget­an. Kro­bong di­ri­as ngang­go tu­wuh­an jang­kep aru­pa pi­sang, te­bu lan ceng­kir ga­dhing.
Ram­pung si­ram­an ban­jur gan­ti ka­in pa­sat­an lan di­ube­di let­rek ut­awa ka­in ja­rit kang log­ro sar­ta di­ang­go­ni sa­buk sa­ka god­hong te­bu tu­lak. Sa­ka nje­ro let­rek ku­wi pi­ni­se­puh ngle­bok­a­ke tro­pong ing nje­ro ja­rit lan nyeb­lok­ake. Sa­ban­ju­re sa­buk mau di­po­tong ngang­go ke­ris. Sa­wu­se ped­hot, bo­jo­ne wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut iku dia­kon lunga tan­pa pa­mit. Be­ba­reng­an ka­ro ku­wi ibu Mara­tu­wa mban­ting en­dhog pi­tik men­tah lan ba­pa­ke me­cah ceng­kir ga­dhing kang wus di­gam­bari Ka­ma­ja­ya-Ka­ma­ra­tih, Ja­na­ka-Su­ba­dra, ut­awa Pan­ji lan Can­dra Ki­ra­na, ban­jur di­si­gar da­di lo­ro. Na­li­ka me­cah ceng­kir di­re­wa­ngi ba­pak kan­dhu­nge wa­ni­ta kang la­gi ngan­dhut ku­wi.
            Wa­ni­ta kang ngan­dhut ban­jur di­iring mle­bu omah lan nga­deg ing nga­rep pe­ta­nen. Ing pa­pan ku­wi wus di­ce­pa­ka­ke sin­jang lan kem­ben ca­cah pi­tu. Sa­te­ru­se pa­ra pi­ni­se­puh ngang­go­ka­ke ja­rit iku mba­ka si­ji. Ram­pung ngang­go si­ji ban­jur di­ucu­li, ban­jur di­ang­go­ka­ke ma­neh li­ya­ne. Ngo­no te­rus ngan­ti ka­ping enem lan pa­ra pi­ni­se­puh mes­thi ngo­mong du­rung pa­tut. Kang pung­kas­an, pa­ra pi­ni­se­puh ngang­go­ka­ke ja­rik trun­tum kem­ben mo­tif ba­ngo­tu­lak. Be­ba­reng­an ka­ro ku­wi, pa­ra pi­ni­se­puh pa­dha ngo­mong wis pa­tut.

Uba rampe
Ing upacara mitoni ana perlengkapan utawa uba rampe utawa sesaji sing kudu disiapake kanggo dongane wongtuwa. Uba rampe yaiku:


1. Sehelai tiker tuwa lan gegodhongan kanggo siraman.
2.  Seekor ayam jago sing sehat, urip, nglambangake kaluwarga kauripane apik ing tengah  masyarakat.
     3.  Pitu werna sega tumpeng, yaiku :
-  Tumpeng megana ( janganan sing muteri sega) ,artine kanggo numbuhake panguripan.
-         Tumpeng robyong, ngelambangake kaslametan lan disenengi kabeh wong.
-   Tumpeng urubung damar, sinar lampu, sinar kauripan sing bisa migunani lan duwe wibawa.
-         Tumpeng gundul
4.   Tujuh macam sambal, artine urip duweni semangat, aktif lan kreatif. 
5.   Sambal rujak, supaya seger, cerah uripe.
     6. Dlingo-blenge, kanggo ngindhari saka roh-rohsing ala
     7. Kue-kue manis digawe saka kacang. artine uripe sing manis.
8. Lauk pauk saka janganan, artine bocah-bocah dadi sehat. 
9. Pitu werna ketupat diisi abon, artine wis ana dalan kanggo metune bayi.
    10. Panganan srabi lan klepon. 
   11.Telur kura-kura dideleh ing nduwur tumpeng megana. Kura-kura iku kuwat.
   12.  Bubur merah putih, kudu eling lan ngormati marang wong tuwa lan pinisepuh.
   13.  werna-werna buah-buahan, kanggo kesehatan.
   14.  werna-werna sega, kayata : sega gurih, sega punar, sega kebuli lsp.
   15.  Boneka lanang lan boneka wadon. yen lair lanang utawa wadon padha wae.
   16. Gayung digawe saka klapa. Klapa utuh dipecah dadi loro, ing ngisor dimenehi lubang. ing nduwur dipasangi tangkai kanggo cekelan. supaya bisa migunani kayata wit klapa sing kabehe duweni manfaat.
   17.  Jenang procot: supaya bayi lair kanthi lancar. 
   18. Jenang sumsum/sungsum: nglambangake calon bayi sing isih loro wulan.
  19. Jenang abang putih, purwaning dumadi : nglambangake benih lanang lan wadon sing dadi siji sing duweni wujud bayi kang arep lair.
  20. Bulus angrem. 
  21. Labu sing wujude kayata terong dihias dadi arep ngembari raine bayi. lajeng  terong digendong kayata bayi dening ibu -ibu sing arep teka marang kondangan iku. Labune digawe ben bisa dilebokake koin dening ibu – ibu sing gendong. Sadurunge labu iku digendong dening ibu-ibu, labu iku didalah ing njero sarung sing dienggo dening ibu mbobot iku. lajeng labu diuculake saka njero sarung lan kudu ditangkep malih. iki artine yen mengko lairan diwenehi kalancaran.

Sumber saka ing: 
a. http://jagadkejawen.com/index.php?option=com_content&view=article&id=6:mitoni&catid=4:upacara-     ritual&Itemid=6&lang=id
b. http://yuk-pintar.blogspot.com/2013/02/makalah-adat-dan-tradisi-tingkebanmitoni.html
c. http://kafabihi07.blogspot.com/2013/01/mitoni-mitoni-iku-asale-saka-tembung.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar