Tedhak Siten
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245). Upacara tedhak siten uga ndhuweni arti cedhak bocah menungsa marang Ibu Pertiwi, lan Bangsane. Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bhatara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bhatara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan." Biasane nglakoni upacara Tedhak Siten dienekake esuk ing latar ngarep omah. Saliyane wong tuane bocah, mbahe lan para pinisepuh ngrupakake tamu dinurmatan, sak liyane iku mesthine para sedulur cedhak yo diundang.
Pada kaya upacara liyane, mesti dipepaki nganggo ubarampe sing pas. Macem-macem ubarampe sing di tata rapi, kaya werna-werna kembang, empon-empon lan kasil bumi sing ditata katon endah nambah sakral lan marakake hawa ritual. Ubarampe iku dudu takhayul, ning intine nek dijabarake miturut wujud dongo panjalukan dumateng Gusti, supados upacara kalakon kanthi slamet lan lancar, lan maksud saka ritual dipercaya, kanggo nyuwun berkah marang Gusti.
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
- Pengaron sing diisi kembang setaman.
- Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
- Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
- Pari sabengket
- Kapuk sabengket
- Piranti nulis
- Bokor kang diisi beras kuning
- Werna-werna jinis dhuwit
- "Perhiasan"
- Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
- Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
- Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
- Jadah pitung werna, yaiku abang putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
- Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.
1. Ingkang kapisan : Bocah dituntun mlaku maju lan ngidhak jenang 7 werna ingkang kagawe saking ketan. Werna wernane yaiku : abang , putih , oranye , kuning , ijo , biru lan ungu .
Punika perlambang
, bocah saged ngliwati
tantangan ing uripipun. Lan saged urip kacukupan.
2. Ingkang kaping
pindho : Bocah
dituntun munggah andha ingkang kagawe saking wit tebu Arjuna lajeng mudhun
maneh .
Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun
yaiku tekad ati ingkang
mantep.
Tebu Arjuna nglambangaken supados bocah saged lelakon kaya Arjuna , ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan Negara.
3. Ketiga
yaiku bocah dituntun
kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir , ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne
dhewe menawi sampun gedhe.
4. Ingkang
kaping sekawan : bocah dipunlebetaken
dhateng kurungan ingkang digawe apik lan ing njerone wonten akeh bandha-bandha
kaya buku , hp , lst. Menawa
bocah njipuk buku , bocah kuwi mbok menawa arep dadi ilmuwan , menawa hp ,
bocah kuwi mbok menawa arep dadi tehnisi.
Kurungan nglambangaken
donya ,
dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya
lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun
dipilih saking cilik.
5. Ingkang kaping
lima :
Bapak lan Simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah
ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan
seneng tetulung , dheweke gampang nggolek rejeki.
6. Ingkang kaping
enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu sritaman ingkang sampun dicampur
kembang-kembang (melathi , mawar , kenanga lan kanthil)
7. Kapitu
: Ing pungkasan upacara , bocah
didandani ngangem klambi resik lan apik . Karepe
supados si bocah
nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane.
Punika karepe
ing uripipun , bocah
punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane.
Sawise tedhak siten rampung , kaluwarga seneng
lan ngarep-arep Gusthi menehi rahmatipun supados tujuan upacara saged kadadean
. Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.Dijupuk saka ing :
a. http://jv.wikipedia.org/wiki/Tedhak_siten
b. https://dirafisn.wordpress.com/category/uncategorized/
c. http://sihsusetyaningtyast.blogspot.com/2012/03/tedhak-siten.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar