Sanggar Greget

Selasa, 30 Desember 2014

Wayang


 WAYANG

Wayang  yaiku wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangejawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka kang umumé katon éndah ing wewayangané lan dilakokaké déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebut bisa kang wujud 2 dhimensi utawa wujude 3 dhimensi. Kang wujud 2 dhimensi umume, kagawé saka kulit (walulang), kang biyasané kulit sapi, utawi wedhus. Lan kang wujud 3 dhimensi, lumrah digawé saka kayu kang direnggani penganggo saka kain kang manéka warna adhedhasar karakter wayang kasebut.
Warna-warnaning Wayang :
1.       Wayang Purwa
Wayang sing digawe saka lulang. Biasane njupuk saka lakon Mahabarata lan Ramayana.
2.       Wayang Wong
Wayang sing paragane wong. Biasane njupuk saka lakon Mahabarata lan Ramayana.
3.       Wayang Golek
Wayang sing digawe saka kayu, wujude boneka, disandhangi rerenggan wayang. Biasane njupuk lakon Amir Hamzah utawa Umar Maya.
4.       Wayang Krucil
Wayang sing digawe saka kayu, wangune gepeng. Biasane njupuk lakon Damarwulan.
5.       Wayang Beber
Wayang sing wujude gambar sing dijereng lan dibeber. Dhalang nyritakake isine gambar. Biasane njupuk lakon Panji.
6.       Wayang Kancil
Wayang sing paragane kewan kabeh. Njupuk lakon dongen kancil.
7.       Wayang Dupara
Wayang Dupara iku digawe saka kulit. Nggambarake crita saka kraton Demak nganti tekan Surakarta.
8.       Wayang Adam Makrifat
Wayang sing nyritakake kawruh tasawuf.
9.       Wayang Gedhog
Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk crita Panji.
10.   Wayang Pancasila
Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk lakon bab pengalaman Pancasila.
11.   Wayang Wahyu
Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk lakon saka kitab Injil.
12.   Wayang Jawa
Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk lakon bab perjuangane Pangeran Diponegoro.
13.   Wayang Perjuangan
Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk lakon saka perjuangane bangsa Indonesia.
14.   Wayang Suluh
Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk lakon bab perjuangan lan penerangan liyane, kayata bab transmigrasi.
15.   Wayang Sejati
Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk lakon bab kawruh syarat.
16.   Wayang Kidang Kencana
Wayang sing digawa saka kulit. Njupuk lakon bab Mahabarata lan Ramayana.
17.   Wayang Madya
Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk lakon crita sabubare Parikesit.
18.   Wayang Suluk
Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk lakon crita saka Kraton Demak nganti tekan Ngayogyakarta.
Dijupuk saka :
a.       Lestari, Endang Dwi.2009.Kawruh Sapala Basa.Klaten: Intan Pariwara
b.      http://jv.wikipedia.org/wiki/Wayang

Senin, 15 Desember 2014

Budaya Jawa

             Tedhak Siten

                Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).   Upacara tedhak siten uga ndhuweni arti cedhak bocah menungsa marang Ibu Pertiwi, lan Bangsane. Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bhatara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bhatara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
               Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan." Biasane nglakoni upacara Tedhak Siten dienekake esuk ing latar ngarep omah. Saliyane wong tuane bocah, mbahe lan para pinisepuh ngrupakake tamu dinurmatan, sak liyane iku mesthine para sedulur cedhak yo diundang.
                Pada kaya upacara liyane, mesti dipepaki nganggo ubarampe sing pas. Macem-macem ubarampe sing di tata rapi, kaya werna-werna kembang, empon-empon lan kasil bumi sing ditata katon endah nambah sakral lan marakake hawa ritual. Ubarampe iku dudu takhayul, ning intine nek dijabarake miturut wujud dongo panjalukan dumateng Gusti, supados upacara kalakon kanthi slamet lan lancar, lan maksud saka ritual dipercaya, kanggo nyuwun berkah marang Gusti.

Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
  • Pengaron sing diisi kembang setaman.
  • Kurungan, kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
  • Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
  1. Pari sabengket
  2. Kapuk sabengket
  3. Piranti nulis
  4. Bokor kang diisi beras kuning
  5. Werna-werna jinis dhuwit
  6. "Perhiasan"
  • Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
  • Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
  • Tangga tebu "arjuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
  • Jadah pitung werna, yaiku abang putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
  • Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.
Urutane upacara tedhak siten :
 
1. Ingkang kapisan : Bocah dituntun mlaku maju lan ngidhak jenang 7 werna ingkang kagawe saking ketan.   Werna wernane yaiku : abang , putih , oranye , kuning , ijo , biru lan ungu .
   Punika perlambang , bocah saged ngliwati tantangan ing uripipun. Lan saged urip kacukupan.
2. Ingkang kaping pindho : Bocah dituntun munggah andha ingkang kagawe saking wit tebu Arjuna lajeng mudhun maneh . Tebu saking ukara “antebing kalbu” inggih tegesipun yaiku tekad ati ingkang mantep.

    Tebu Arjuna
nglambangaken
supados bocah saged lelakon kaya Arjuna , ingkang nduweni watak satria lan nduweni tanggung jawab. Lelakonipun apik lan seneng tetulung , mbela kabeneran , lan bakti kaliyan Negara.
3. Ketiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir , ingkang nduweni tegese nggolek pangan. Karepe bocah saged nyukupi kaperluanne dhewe menawi sampun gedhe.
4. Ingkang kaping sekawan : bocah dipunlebetaken dhateng kurungan ingkang digawe apik lan ing njerone wonten akeh bandha-bandha kaya buku , hp , lst. Menawa bocah njipuk buku , bocah kuwi mbok menawa arep dadi ilmuwan , menawa hp , bocah kuwi mbok menawa arep dadi tehnisi.
Kurungan nglambangaken donya , dadi dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe saged kacukupan awit saking pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.
5. Ingkang kaping lima : Bapak lan Simbah bocah nyebar udik-udik utawi duit logam dipuncampur kembang. Karepe supaya si bocah nalika dewasa saged dadi bocah ingkang dermawan lan seneng tetulung. Amarga seneng menehi lan seneng tetulung , dheweke gampang nggolek rejeki.
6. Ingkang kaping enem yaiku bocah wau diadusi ngangge banyu sritaman ingkang sampun dicampur kembang-kembang (melathi , mawar , kenanga lan kanthil)
7. Kapitu : Ing pungkasan upacara , bocah didandani ngangem klambi resik lan apik . Karepe supados si bocah nduweni dalan urip ingkang apik lan saged agawe seneng kaluwargane.
   Punika karepe ing uripipun , bocah punika saged arum jenenge lan saged ngarumaken jeneng kaluwargane.
Sawise tedhak siten rampung , kaluwarga seneng lan ngarep-arep Gusthi menehi rahmatipun supados tujuan upacara saged kadadean . Lan bibar punika , para tamu saged ndhahar panganan ingkang wonten.

Dijupuk saka ing :
a. http://jv.wikipedia.org/wiki/Tedhak_siten
b. https://dirafisn.wordpress.com/category/uncategorized/
c. http://sihsusetyaningtyast.blogspot.com/2012/03/tedhak-siten.html
 

Sabtu, 13 Desember 2014

Geguritan

TULADHA GEGURITAN


Pahlawanku
(R. Tantiningsih)
Pahlawanku  
Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika

Kitir
(Sumono Sandy Asmon)



Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi

Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan

Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat 
IBU
(Yossanti)

Tresna asih ibu
Ora ana kang bisa ngganteke
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklaleke

Do’a ibu kang tulus
tansah ngiringi awakku
pengorbanane kang tanpa wates
ora bisa winales

Ibu . . .
pituturmu bakal dakrungu
tresna asihmu marang aku
ora bakal puput
Pandongaku ibu…
Muga Gusti tansah nyembadani


Dijupuk saka ing :
a. http://nurulhedayat.blogspot.com/2013/02/contoh-geguritan-bahasa-jawa.html
b. http://senengjawa.wordpress.com/tag/geguritan-kanggo-ibu/

Geguritan

 GEGURITAN

Geguritan iku salah sawijine kasusastran Jawa Modern kang wujude persis kaya puisi ing kasusatran Indonesia, mung bahasane wae kang beda. Geguritan ora kaiket dening aturan-aturan tartamtu, nanging nduweni kebebasan kaya ing ngisor iki :
1. Cacahe gatra (baris) saben pada (bait) ora tentu. Bisa akeh lan bisa sethithik, malah ana kang mung sagatra utawa rong gatra.
2. Cacahe pada uga ora ana aturane.
3. Cacahe wanda (suku kata) saben gatra uga ora ana aturane.
4. Ora kudu migunakake purwakanthi, nanging manawa migunakake uga tambah apik.
5. Basane luwih ringkes lan padhet.
6. Tembung-tembunge duwe teges kang mentes.
7. Kadang kala nganggo tembung sanepa utawa tembung ora salugune (kata simbolik).
Geguritan diperang dadi rong warna, yaiku geguritan gagrak lawas lan geguritan gagrak anyar. Geguritan gagrak lawas wujude tembang kang kaiket dening paugeran tartamtu. Dene geguritan gagrak anyar wujude arupa puisi modern sing sipate bebas, ora kaiket dening paugeran babar pisan. Geguritan utawa guritan duwe kaluwihan ing wujud lan basane kanggo nyuntak (mengapresiasikan) daya pamikir lan pangrasa
(imajinasi) katandhing karo karya sastra awujud gancar (prosa).

Unsur kang kakandhut ing geguritan yaiku unsur intrinsik. Kang kagolong unsur intrinsik ing geguritan yaiku :
1. Tema
Mujudake gagasan pokok kang disuguhake dening panganggit. Tuladha tema yaiku: Ketuhanan, kemanusiaan, patriotisme, demokrasi lan tema keadilan sosial. Sawijining geguritan terkadhang ngandhut kabeh tema mau, jalaran geguritan pancen linuwih ing makna.
2. Citraan
Gambaran angen angen utawa imajinasi panganggit kang kalairake liwat indra. Gambaran angen angen iku ana kalane kasil liwat indra pandeleng, indra pangrungu, indra pangecap, indra pangrasa, lan indra pangganda.
3. Diksi
Pilihan tembung uga diarani Diksi, kanggo ngasilake geguritan kang trep, panganggit mesthi mikirake pilihan tembung kang mathuk. Dene tembung tembung kang digunakake ana kang duwe teges lugu utawa apa anane (denotatif), tembung kang duwe teges entar utawa ora sabenere (konotatif), gambaran utawa pralambang.
4. Gaya Bahasa
Liwat asil karyane panganggit uga kepingin ngandharake rasa pangrasane. Kanggo nggayuh pepinginan kasebut, panganggit mbudidaya kanthi milih tembung tembung kang dironce saengga mujudake ukara kang ngandhut lelewaning basa utawa lumrah diarani gaya bahasa.
Tuladha lelewaning bahasa utawa gaya bahasa:
a. Personifikasi
Gaya bahasa personifikasi mujudake tumindake samubabrag kadidene manungsa, bisa ngrasakake bungah utawa seneng, gumuyu, lumake, gegojegan, lan sapanunggalane.
b. Metafora
gaya bahasa metafora, minangka srana tumaping panganggit kanggo mbudidaya supaya para maos kanthi gamblang anggone mbayangake gegambaran kang kinandhut ing sajroning geguritan. Mbandingake sawijining barang marang barang liyane kang nduweni sifat padha.
c. Repetisi
gaya bahasa repetisi digunakake dening panganggit nalika kepingin njelasake maksud ing sajroning geguritan, kanthi mbolan mbaleni tembung.
5. Latar
Latar kanggo ngambarake panggonan, wektu, lan kahanan kang bisa narik kawigaten kang maca utawa ngrungokake geguritan.
Kanggo mangerteni isi kang kinandhut ing sajroning geguritan, kita kudu tlaten olehe maca. Mula saka iku, supaya ora salah anggone negesi lan gampang anggone mengerteni isine geguritaan, becike nggatekake bab-ba ing ngisor iki :
1. Wacanen geguritan kanthi permati, yen perlu dibolan baleni.
2. Gatekna hubungan larik ukara, banjur wewehana tandha kanggo munggel (jeda), upamane punggel sauntara wewehana tandha (/) lan kanggo sigeg wewehana tanda (//).
3. Golekna teges tembung tembung kang kok anggep angel, kanthi terus dieling eling, menawa tembung tembung sajarone geguritan bisa duwe teges lugu, entar, bisa uga lambang utawa gegambaran.
4. Perlu digatekaku menawa saben karangan mesthi duwe pesen utawa amanat kang kepingin disampekake marang pamaca.
5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane dadi sedherhana lan gampang dimangerteni.
Maca utawa maragakake geguritan luwih dhisik kudu mangerteni wose isi geguritan kasebut. Bab kasebut bisa diupaya kanthi cara maca bola-bali sinambi negesi tetembungan sing ngemu teges pepindhan utawa konotatif. Supaya pamacane geguritan krasa nges lan trep kudu migatekake bab-bab kaya ing ngisor iki :
1. Cendhek dhuwure swara (intonasi).
2. Dawa cendhake swara utawa cekak lanture (ritme).
3. Tumuruntun lan mandhege ukara utawa tetembungan (jeda).
4. Owah gingsire pasuryan lan obahe awak (mimik lan pantomimik).

Nulis geguritan iku sejatine meh padaha karo nulis fiksi. Dene bab-bab kang kudu digatekake manawa arep nulis geguritan, kaya ing ngisor iki :
1. Nemtoake tema geguritan.
2. Menehi judul.
3. Milih tembung lang ukara sing mentes.
4. Golek lan ngrakit ukara kang ana bobote susastra.
5. Konsentrasi kang serius kanggo nglancarake daya imajinasi.
6. Diwaca bola- bali lan ditliti maneh endi sing kurang trep. 

Dijupuk saka ing :
a. Lestari, Endang Dwi.2009.Kawruh Spala Basa.Klaten: Intan Pariwara
b. http://ilmudariozi.blogspot.com/2010/04/geguritan.html
c. http://www.febrian.web.id/2014/06/unsur-unsur-geguritan-dalam-bahasa-jawa.html
d. http://comp-indo.blogspot.com/2014/06/pengertian-geguritanpuisi-dalam-bahasa.html