Sanggar Greget

Selasa, 25 November 2014

Cerkak



KEDUWUNG


“ Apa sing dadi karepe kowe bakal kasembadan. Arep dadi dokter, polisi, guru lan liya-liyane.” Kuwi ukara kang tansah dieling-eling dening Tantri nalika umure isih 11 taun lan isih kelas 1 SMP. Sanajan saiki wis 6 taun kepungkur nanging Tantri isih nduweni kekarepan supaya apa kang dicita-citani bakal kasembadan.

Ukara mau dianggep dening Tantri dadi janji sing kudu kasembadan mbesuk nalikane wis lulus saka SMA. Nanging saminggu sakwise bapake janjiake kuwi ora dikira menawa bapake ninggal. Tantri dadi mikir mbesuk cita-citane bisa kasembadan apa ora merga ibune ora duweni pagaweyan. Ibune namung dadi ibu rumah tangga lan ora duwe pagaweyan liyane.

Lagi wae mikir ibune teka, “Tantri anakku, saiki bapakmu wis ora ana dadi ibu sing ngurusi kowe dhewekan. Kowe sekolah sing bener ora usah mikirna apa-apa mengko ibu wae sing mikir kanggo sekolahe kowe.” Tantri isih wae mikir-mikir karo janjine bapakke lan ndeleng keadaane ibune sing ora nduwe pegaweyan tetep. Tantri kuwi anak siji-siji saka bapak Ahmad lan ibu Tri.

Ngesuke Tantri mangkat sekolah karo isih kepikiran ngendikane bapake. Ana sekolah Tantri duweni kekarepan kudu sinau sing sregep kanggo mujudake cita-citane lan mujudake janjine bapake. Tantri dadi bocah sing pinter banget ana sekolahe. Lulus saka SMP, Tantri mlebu sekolah sing favorit ana kuthane. Ragate  ora sithik nanging ibune ngusahakake nggolet pegaweyan apa wae lan sing halal kanggo sekolah Tantri.

Saiki Tantri wis kelas 2 SMA lan mlebu ana jurusan IPA. Tantri wis dadi bocah sing pinter lan terkenal ana sekolahe nduwe kanca akeh. Nanging saiki sipate dadi beda karo biyen nalika isih ana bapakke. Saiki Tantri dadi bocah sing angel dikandhani lan tindhak tandhukke ora apik marang wong tuwa.  Senenge lelunga tekan wengi lan ora ngomong marang ibune arep lunga ana ngendi.

            “ Bu, mengko aku baline wengi.”

            “Arep ngendi kowe baline tekan wengi?” pitakone ibu.

          “Ora usah takon-takon! Saiki aku njaluk duwit sing akeh?” jawabane Tantri karo jengkel.

            Ibune kaget karo jawabane Tantri sing dadi kasar marang wong tuwane. Atine ibu Tri nangis merga krungu jawabane Tantri sing ora apik dirungokna kanggo wong tuwa. “Ibu wis ora duwe duwit maning nak. Wingi kowe wis njaluk duwit akeh masa wis enthek?” jawabane ibune karo sedih merga sipate anakke sing dadi kasar.

            “Iya wis enthek wingi kanggo tuku buku.” Jawabane Tantri nanging sebenere duwit kuwi ora kanggo tuku buku, kanggo lelunga karo kanca-kancane. Sipate Tantri sing dadi kasar kuwi merga wis ngerti pergaulan ana ing sekolahe apa maning sekolahe salah sijine sing difavoritake ing kuthane. Ora mung pergaulane wae Tantri saiki wis ngerti sing arane cinta lan saiki wis duweni pacar, nanging pacare duweni sipat sing ora apik merga kuwi Tantri dadi bocah kasar, tindhak tandhuke ora apik marang wong tuwa, lan rasukane sing ora sopan. Ibune wis sering ngelingake marang Tantri yen tindhak tandhuke sing apik nanging Tantri malah ngomong sing ora kepenak marang ibune. Ibune bingung piye maneh anggone ngelingake Tantri yen tidhak tandhuke kuwi ora bener lan bisa ngisin-isinake wong tuwane.

            Wis akeh tangga-tanggane sing ngomong marang ibune yen anakke kudu dituturi. Atine ibu Tri tambah duka merga kalakuwane anakke sing ora pantes dideleng dening wong-wong. Tiap dina ibune mikir piye carane gawe anakke dadi kaya biyen maneh sing nurut dikandhani lan tindhak tandhuke sing apik. Nanging merga mikirake kuwi ibune dadi gerah, Tantri ora mikirake ibune sing lagi gerah malah dheweke dolan-dolan karo kancane. Ibune Tantri digawa rumah sakit dening tangga-tanggane, Tantri ora gelem nunggoni ibune malah tanggane sing nunggoni.

            Telu dina ibune Tantri ana ing rumah sakit saiki wis sehat lan oleh bali marang omahe. Tantri ora ana ing omah, omahe dadi kotor kaya ora dirumati. Nalika Tantri bali omah saka dolan karo kanca-kancane dheweke langsung mlebu kamar ora nakoni keadaane ibune sing saka rumah sakit. Ibu lungguh ana ing ruang kaluwarga kanthi ndelengi keadaane omahe sing saiki.

            “Arep lunga ana ngendi maneh nak?” pitakonane ibu Tri marang Tanri nalika metu saka kamar nganggo rasukan apik.

            “Aku arep lunga dolan marang omahe kancane” jawabane Tantri.

         “Wis wengi ora usah lunga-lungah maneh, bocah wedok ora apik lunga wengi.”

     “Sakarepku, Bu ora usah ngurusi aku arep bali wengi apa ora.”jawabane Tantri.

            Tantri lunga metu dolan, neng ngarep omah wis ana pacare sing arep bareng-bareng lunga dolan. Pacare iku anakke wong sugih nanging sipate ora apik, jenenge Tiar. Tantri saiki ora sregep sinau maning nanging nilai tetep apik, senenge lelunga lan bali wengi karo pacare.

            Saiki Tantri wis kelas telu SMA, ibune mikir piye carane arep nyekolahake Tantri marang kuliyah merga ibune saiki wis sering gerah dadi pagaweyane wis kurang ora kaya isih sehate akeh pagaweyan sing bisa kanggo nyekolahake Tantri. Tantri saiki wis mikir-mikir arep nglanjutake marang ngendi kepengine dheweke marang kedokteran lan sing ana ing universitas paling tekenal ing Indonesia.

            Tantri kelingan maning janjine bapake sing arep nyekolahake dheweke ana ing ngendi wae. Dadi saiki Tantri nagih marang ibune babagan janjine bapake sing arep nyekolahake dheweke. Nalika wengi Tantri nemuni ibune kanggo takon apa sing apik dijukut neng universitas.

            “ Bu, aku arep takon apike ana ing universitas jukut apa?” pitakone Tantri.

            “ Nak, sakdurunge ibu arep ngomong dhisit. Ibu saiki wis sering sakit dadi ora bisa nggoleti pagaweyan sing akeh.”

            “ Trus piye bu maksude?” pitakone Tantri.

            “ Ibu ora bisa nyekolahake kowe marang universitas merga ibu ora duwe duwit akeh kanggo nyekolahake kowe.” Jawabane ibune.

            “ lha bu, biyen bapak wis janji arep nyekolahake aku ana ing ngendi wae sakerepku saiki aku nagih janji kuwi ora kasembadan!”

            “ Iya nak, ibu ngerti apa sing kowe karepake, nanging piye maneh ibu ora bisa ngragati kowe tekan universitas. Saiki dhewek ora kaya biyen nalika bapak isih gesang, ibu njaluk kowe sing sabar lan ngerteni kauripane dhewek saiki.”

         “ Nanging aku kudu nglajutake lan janjine bapak kudu kasembadan!” jawabane Tantri

            Nalika wengi kuwi wayah udan gedhe, Tantri mlebu kamar karo jengkel merga janjine bapake ora sida kasembadan. Ngesuke Tantri lunga menyang sekolah karo isih jengkel lan ora pamit marang ibune. Ana ing ratan Tantri mikir-mikir saiki uripe wis ora kaya biyen sing njaluk apa-apa bisa kasembadan, nanging tetep wae dheweke kudu nglanjutake ana ing universitas.

            Sakwise sekolah Tantri balik omah nanging ibune wis ora ana ing omah, dheweke goleti sakabehe omah ora ketemu. Ana tanggane sing ngomong yen ibune mlebu rumah sakit maning. Tantri langsung lunga marang rumah sakit, teka kana dheweke takon marang ibune, “ Ibu, saweg gerah punapa?” pitakone Tantri.

            “ Ora apa-apa, mung kesel wae.” Jawabane ibune

            “ Saniki sampun dipikiri punapa ingkang dipunkarepaken kula, kula boten badhe nyuwun nglanjutaken dateng universitas.”

            “ lha, kena apa bisane ora arep ngalanjutake?” pitakone ibune kanthi swantene lirih.

            “ Kula saged paham kahanan panguripane kita sampun benten kaliyan biyen nalika taksih wonten bapa, dados kula menawi badhe nglanjutaken dhateng universitas kedah angsal beasiswa mawon.” Jawabane Tantri

            “ Oh ngono sing wis dadi kekarepanmu, ibu seneng yen kowe wis bisa ngerteni kahanan panguripane dhewek.”

            “ Inggih bu, kula nyuwun ngapunten nalika kala wingi kathah tindhak tandhuk kula ingkang boten sae.”

            “ Iya nak.” Jawabane ibu

            Saiki Tantri wis sregep kaya biyen, tindhak tandhuke dadi apik maneh merga wis ngerti piye ibune goleti duwit kanggo ngragati dheweke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar